Yakobus 1:1-27

  • Salam (1)

  • Tekun nggawé bungah (2-15)

    • Iman sing wis diuji (3)

    • Terusa nyuwun nganggo iman (5-8)

    • Pepénginan nggawé dosa lan pati (14, 15)

  • Saben anugrah sing apik asalé saka ndhuwur (16-18)

  • Ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah (19-25)

    • Wong sing ndelok rupané ing cermin (23, 24)

  • Ibadah sing suci lan ora najis (26, 27)

1  Saka Yakobus, budhaké Gusti Allah lan budhaké Gusti Yésus Kristus, kanggo 12 suku sing mencar ing ngendi-endi: Salam!  Sedulur-sedulurku, bungaha nèk kowé ngadhepi werna-werna pacoban,  merga kowé ngerti nèk imanmu sing wis diuji isa nggawé kowé dadi tekun.  Lan nèk terus tekun, kowé bakal isa nglatih awakmu kanthi apik, supaya kowé dadi lengkap lan apik ing sakabèhé, ora kekurangan apa-apa.  Mula nèk ing antaramu ana sing kekurangan kawicaksanan, terusa nyuwun marang Gusti Allah, lan kowé kabèh bakal nampa kawicaksanan, merga Panjenengané bakal maringi kuwi kanthi loma lan tanpa nyacad.*  Terusa nyuwun nganggo iman, babar blas ora ragu-ragu, merga wong sing ragu-ragu kuwi kaya ombaké laut sing diterjang angin mrana-mréné.  Sakjané, wong sing kaya ngono kuwi aja ngarep-arep bakal nampa apa-apa saka Yéhuwah.  Wong kaya ngono kuwi wong sing ragu-ragu, ora nduwé pendirian.  Sedulur-sedulur sing miskin dadia bungah,* merga padha nampa kedudukan sing dhuwur, 10  lan sing sugih dadia bungah merga padha nampa kedudukan sing luwih asor, sebab wong-wong sing sugih bakal sirna kaya kembang ing padhang. 11  Kaya panasé srengéngé mlethèk sing marahi tanduran dadi layu, kembangé gogrog, lan ilang kaéndahané, semono uga wong sugih bakal sirna wektu mburu bandha. 12  Bungah wong sing tekun ngadhepi pacoban, merga wektu Gusti Allah seneng marang wong kuwi, dhèwèké bakal nampa hadiah,* yaiku sing dijanjèkké Yéhuwah marang wong-wong sing terus nresnani Panjenengané. 13  Wektu ngalami pacoban, aja kandha, ”Aku lagi dicoba karo Gusti Allah.” Merga Gusti Allah ora isa dicoba, lan Panjenengané uga ora nyoba sapa waé nganggo bab-bab sing jahat. 14  Nanging saben wong dicoba wektu dhèwèké disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé. 15  Banjur, wektu pepénginan kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa, lan nèk dosa wis ditindakké, akibaté pati. 16  Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, aja disasarké. 17  Saben anugrah sing apik lan sing sampurna asalé saka ndhuwur, saka Sumberé* pepadhang ing langit, sing ora molah-malih kaya bayangan sing terus mlaku. 18  Cocog karo kersané, Panjenengané nguripké kita nganggo wulangan sing bener, supaya kita dadi sing kapisan dipilih saka antarané ciptaané. 19  Sedulur-sedulur sing tak tresnani, ngertia bab iki: Saben wong kudu cepet ngrungokké, aja kesusu ngomong, lan aja gampang nesu, 20  merga murkané manungsa ora ngasilké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah. 21  Mula, singkirna kabèh sing najis lan kabèh sing ala. Lan kanthi andhap asor tampanen pangandika sing isa nylametké wektu kuwi dilebokké ing atimu. 22  Terusa nindakké pangandikané Gusti Allah, aja mung ngrungokké thok, lan aja ngapusi awakmu dhéwé nganggo cara mikir sing salah. 23  Merga nèk wong mung ngrungokké pangandikané Gusti Allah, nanging ora nindakké kuwi, wong kuwi kaya wong sing ndelok rupané dhéwé ing cermin. 24  Wong kuwi ndelok rupané, banjur lunga lan langsung lali piyé penampilané. 25  Nanging wong sing nliti hukum sing sampurna sing nggawé merdéka lan sing terus manut karo apa sing ditulis ing kono, kuwi dudu wong sing ngrungokké banjur lali. Dhèwèké kuwi wong sing nindakké pangandikané Gusti Allah lan dhèwèké bakal bungah wektu nindakké kuwi. 26  Nèk ana wong sing rumangsa dadi penyembahé Gusti Allah,* nanging dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi atiné dhéwé lan ibadahé ora ana gunané. 27  Ibadah* sing suci lan ora najis ing ngarsané Gusti Allah, Bapak kita, yaiku iki: ngopèni anak yatim piatu lan para randha sing sengsara karo tetep njaga supaya ora kena regedé donya.

Katrangan Tambahan

Utawa ”tanpa nyalahké”.
Lit.: ”bangga”.
Lit.: ”mahkota”.
Utawa ”Bapaké”.
Utawa ”rumangsa sregep ngibadah”.
Utawa ”Agama”.