Roma 2:1-29

  • Gusti Allah ngadili wong Yahudi lan wong Yunani (1-16)

    • Gunané hati nurani (14, 15)

  • Wong Yahudi lan Hukum Musa (17-24)

  • Sunat ing ati (25-29)

2  Mula embuh kowé kuwi sapa, kowé ora nduwé alesan kanggo ngadili wong liya. Nèk kowé ngadili wong liya, kowé ngukum awakmu dhéwé, merga kowé dhéwé nindakké sing padha.  Kita ngerti nèk Gusti Allah ngadili wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi, lan pengadilané Gusti Allah cocog karo apa sing bener.  Kowé ngadili wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi, nanging kowé dhéwé nindakké kuwi. Apa kok pikir kowé isa luput saka pengadilané Gusti Allah?  Apa kowé ngrèmèhké sipat-sipaté Gusti Allah sing diduduhké kanthi lubèr, yaiku sipat apik atiné, toléransiné, lan kesabarané? Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah wis apikan lan lagi mbantu kowé supaya mertobat?  Merga kowé ndableg lan atimu ora mertobat, kowé numpuk murkané Gusti Allah kanggo awakmu dhéwé. Gusti Allah bakal nduduhké murkané ing dina pengadilané sing bener.  Gusti Allah bakal mbales saben wong miturut tumindaké:  kanggo wong sing nggolèk kamulyan lan kaurmatan, lan sing tekun nindakké apa sing apik, bakal nampa urip saklawasé lan badan sing ora bakal rusak.  Nanging kanggo wong sing seneng padu lan ora manut karo apa sing bener, nanging malah manut karo sing salah, bakal nampa hukuman lan murkané Gusti Allah.  Bakal ana kasangsaran lan kasusahan kanggo saben wong* sing nindakké apa sing jahat, sing kapisan kanggo wong Yahudi, banjur uga kanggo wong Yunani. 10  Nanging bakal ana kamulyan, kaurmatan, lan katentreman kanggo saben wong sing nindakké apa sing apik, sing kapisan kanggo wong Yahudi, banjur uga kanggo wong Yunani. 11  Merga Gusti Allah ora pilih kasih. 12  Kabèh wong sing nindakké dosa tanpa ngerti hukum, bakal mati senajan ora ngerti hukum, nanging kabèh wong sing nindakké dosa lan ngerti hukum, bakal diadili miturut hukum. 13  Dudu wong sing ngrungokké hukum sing dianggep bener karo Gusti Allah, nanging wong sing nindakké hukum. 14  Nèk wong-wong saka bangsa liya sing ora nduwé hukum nindakké apa sing ana ing hukum, kuwi tegesé ana hukum ing njero atiné. 15  Liwat tumindaké, wong-wong kuwi nduduhké nèk hukum kuwi katulis ing njero atiné. Hati nuraniné wong-wong kuwi mènèhi kesaksian bareng wong-wong kuwi, lan pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora. 16  Iki bakal kelakon ing dina wektu Gusti Allah liwat Kristus Yésus ngadili bab-bab sing didhelikké manungsa, miturut kabar apik sing tak wartakké. 17  Kowé disebut wong Yahudi, kowé uga ngendelké hukum, kowé seneng dadi umaté Allah, 18  lan kowé ngerti kersané Gusti Allah, lan isa mbédakké perkara-perkara sing penting merga kowé wis diwulang* bab Hukum Musa, 19  lan kowé yakin nèk kowé kuwi penuntuné wong wuta, pepadhang kanggo wong sing ana ing pepeteng, 20  sing mulang wong bodho, lan guru kanggo bocah-bocah. Kowé uga paham bab dhasar-dhasaré pangertèn lan bab apa sing bener ing Hukum Musa. 21  Nanging kowé, sing mulang wong liya, ngapa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kandha, ”Aja nyolong,” nanging ngapa kowé dhéwé kok nyolong? 22  Kowé kandha, ”Aja laku jina,” nanging ngapa kowé dhéwé kok laku jina? Kowé jijik marang brahala, nanging ngapa kowé dhéwé ngrampok kuil-kuil? 23  Kowé seneng merga nduwé hukum, nanging ngapa kowé ngrèmèhké Gusti Allah nganggo cara nglanggar Hukum Musa? 24  Iki cocog karo ayat sing kandha nèk ”asmané Gusti Allah dirèmèhké ing antarané bangsa-bangsa merga kowé”. 25  Sakjané, sunat ana gunané nèk kowé nindakké hukum. Nanging nèk kowé nglanggar hukum, kowé padha waé kaya ora disunat. 26  Nèk wong sing ora disunat nindakké préntahé Gusti Allah ing Hukum Musa, wong kuwi kan uga bakal dianggep dadi wong sing disunat, ta? 27  Wektu wong sing ora disunat nindakké Hukum Musa, tumindaké kuwi nduduhké nèk kowé salah, merga kowé nduwé hukum sing ditulis lan wis disunat nanging nglanggar hukum. 28  Dadi wong Yahudi sing sejati kuwi ora merga penampilané utawa merga disunat. 29  Nanging, dadi wong Yahudi sing sejati kuwi merga atiné. Sunaté ana ing atiné miturut roh suci, dudu miturut hukum sing ditulis. Pujian kanggo wong kuwi teka saka Gusti Allah, dudu saka manungsa.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kanggo jiwané saben wong”.
Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.