Roma 14:1-23

  • Aja padha ngadili siji lan sijiné (1-12)

  • Aja nggawé wong liya kesandhung (13-18)

  • Seneng nggawé rukun lan nyawiji (19-23)

14  Tampanen wong sing imané ora kuwat, lan aja ngadili dhèwèké nèk pendapaté béda.*  Wong sing imané kuwat isa mangan apa waé, nanging liyané, merga imané ora kuwat mung mangan sayuran waé.  Wong sing mangan ora olèh ngrèmèhké wong sing ora mangan, lan wong sing ora mangan ora olèh ngadili wong sing mangan, merga Gusti Allah wis nampa wong kuwi.  Kowé kuwi sapa ta kok nganti ngadili abdiné wong liya? Majikané sing nduwé hak kanggo mutuské tumindaké wong kuwi bener utawa salah. Malah, merga bantuané Yéhuwah, wong kuwi bakal dianggep bener ing ngarsané Panjenengané.  Ana sing nganggep dina siji luwih penting ketimbang dina liyané, nanging ana wong sing nganggep kabèh dina kuwi padha waé. Saben wong kuduné bener-bener yakin karo keputusané dhéwé.  Wong sing nganggep sawijiné dina luwih penting, nindakké kuwi kanggo Yéhuwah. Wong sing mangan uga nindakké kuwi kanggo Yéhuwah, merga dhèwèké ngucap sokur marang Gusti Allah. Lan wong sing mung mangan sayuran uga nindakké kuwi kanggo Yéhuwah, merga dhèwèké uga ngucap sokur marang Gusti Allah.  Sakjané, ing antarané kita, ora ana sing urip kanggo awaké dhéwé utawa mati kanggo awaké dhéwé.  Merga nèk kita urip, kita urip kanggo Yéhuwah, lan nèk kita mati, kita mati kanggo Yéhuwah. Dadi, urip utawa mati, kita duwèké Yéhuwah.  Kuwi sebabé Kristus mati lan urip manèh, yaiku supaya dhèwèké dadi Gusti kanggo wong mati lan wong urip. 10  Dadi, ngapa kowé ngadili sedulurmu? Ngapa kowé ngrèmèhké sedulurmu? Kita kabèh bakal ngadeg ing ngarepé kursi pengadilané Gusti Allah. 11  Kitab Suci kandha, ”’Demi Aku sing urip,’ ngendikané Yéhuwah, ’saben wong* bakal padha sujud ing ngarsa-Ku, lan kabèh manungsa* bakal ngakoni kanthi blaka nèk Aku iki Gusti Allah.’” 12  Mula, saben wong ing antarané kita bakal tanggung jawab marang Gusti Allah. 13  Dadi, kita aja ngadili siji lan sijiné manèh, nanging nduwéa tékad kanggo ora ndèlèhké watu sing nggawé kesandhung utawa aling-aling ing ngarepé sedulur kita. 14  Merga aku iki pengikuté Gusti Yésus, aku ngerti lan yakin nèk sakjané ora ana sing najis. Nanging, nèk wong nganggep sawijiné perkara najis, kuwi bakal dadi najis kanggo dhèwèké. 15  Nèk sedulurmu dadi ora kepénak atiné merga apa sing kok pangan, tumindakmu kuwi wis ora miturut katresnan. Aja ngrusak* imané sedulurmu merga pangananmu, sebab Kristus wis mati kanggo dhèwèké. 16  Dadi, aja nganti tumindakmu sing apik nggawé wong ngomong sing èlèk bab kowé. 17  Kanggo mlebu ing Kratoné Allah, sing penting kuwi dudu mangan lan ngombé, nanging nindakké apa sing bener, urip rukun, lan bungah merga roh suci. 18  Wong sing dadi budhaké Kristus nganggo cara kaya ngono, kuwi nyenengké Gusti Allah lan manungsa. 19  Mula, tindakna apa waé sing nggawé rukun karo wong liya lan sing nguwatké siji lan sijiné. 20  Aja ngrusak hasil gawéané Gusti Allah manèh mung merga panganan. Pancèn, ora ana panganan sing najis, nanging nèk wong mangan kuwi lan isa nggawé sandhungan, kuwi dadi ora apik. 21  Luwih becik ora mangan daging, utawa ngombé anggur, utawa nindakké apa waé sing isa nggawé sedulurmu kesandhung. 22  Imanmu kuwi urusanmu dhéwé karo Gusti Allah. Bungah wong sing ora ngadili atiné dhéwé kanggo perkara sing wis dhèwèké putuské. 23  Nanging nèk dhèwèké isih ragu-ragu lan tetep mangan, dhèwèké salah merga nindakké kuwi sakdurungé yakin* nèk kuwi olèh dipangan. Dadi, nèk wong tumindak tanpa iman, kuwi dosa.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”nèk dhèwèké isih nduwé akèh pitakonan ing njero atiné”.
Lit.: ”dhengkul”.
Lit.: ”ilat”.
Utawa ”ngremuk”.
Utawa ”tanpa iman”.