Matius 9:1-38

  • Yésus marèkké wong lumpuh (1-8)

  • Yésus ngundang Matius (9-13)

  • Pitakonan bab pasa (14-17)

  • Anaké Yairus; wong wadon ndemèk pucuk klambi njabané Yésus (18-26)

  • Yésus marèkké wong wuta lan wong bisu (27-34)

  • Panènané akèh nanging sing manèn sithik (35-38)

9  Mula, Yésus numpak prau lan nyabrang menyang kuthané dhéwé.  Banjur, wong-wong nggotong wong lumpuh sing diturokké ing tandhu menyang ngarepé Yésus. Wektu ndelok imané wong-wong mau, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aja kuwatir, Lé. Dosamu wis diapura.”  Ana ahli-ahli Taurat padha ngrasani, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.”  Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?  Luwih gampang sing endi, ngomong, ’Dosamu wis diapura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’?  Nanging, iki supaya kowé ngerti nèk Putrané manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapurani dosa . . .” Banjur Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”  Wong lumpuh mau terus ngadeg lan bali menyang omahé.  Wektu kumpulan wong ndelok kedadéan iki, wong-wong kuwi padha nggumun, lan ngluhurké Gusti Allah sing wis maringi kuwasa kaya ngono marang manungsa.  Banjur, Yésus mlaku manèh lan ndelok wong lanang sing jenengé Matius lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Dadia muridku.” Matius langsung ngadeg lan mèlu Yésus. 10  Wektu Yésus maem ing omahé Matius, akèh petugas pajeg lan wong-wong dosa teka, banjur mèlu maem bareng karo Yésus lan para muridé. 11  Wektu weruh iki, wong-wong Farisi takon marang para muridé Yésus, ”Ngapa gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 12  Yésus krungu omongan kuwi, terus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter, sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. 13  Lungaa, lan pikirna omongan iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban.’ Aku teka ora kanggo ngundang wong-wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa.” 14  Banjur murid-muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa murid-muridmu ora pasa, padahal aku lan kanca-kancaku uga wong-wong Farisi padha pasa?” 15  Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang isih bebarengan karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Nanging bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté, lan ing wektu kuwi sahabat-sahabaté bakal pasa. 16  Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar, merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan suwèké dadi saya amba. 17  Uga, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah lan angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Nanging wong nyimpen anggur sing anyar ing wadhah anggur sing anyar, lan loro-loroné ora rusak.” 18  Wektu Yésus isih ngomong, ana panguwasa sing marani Yésus lan sujud. Dhèwèké kandha, ”Anakku wadon saiki mesthi wis mati, nanging maraa ing omahku lan tumpangna tanganmu, lan dhèwèké bakal urip manèh.” 19  Yésus banjur ngadeg lan ngetutké wong mau bareng karo para muridé. 20  Ana wong wadon sing lara pendarahan suwéné 12 taun nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, 21  merga wong wadon kuwi terus-terusan ngomong ing atiné, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 22  Yésus minger lan mandeng wong wadon kuwi, banjur kandha, ”Aja wedi, Ndhuk. Imanmu wis nggawé kowé mari.” Wiwit wektu kuwi, wong wadon mau mari. 23  Wektu Yésus tekan ing omahé panguwasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling lan akèh wong padha nangis nggero-nggero. 24  Yésus kandha, ”Padha metua, merga bocah wadon iki ora mati nanging lagi turu.” Wong-wong mulai nggeguyu Yésus. 25  Sakwisé kumpulan wong kuwi padha metu, Yésus mlebu lan ndemèk tangané bocah wadon kuwi, terus bocah kuwi tangi. 26  Wis mesthi, kabar iki nyebar ing kabèh dhaérah kuwi. 27  Wektu Yésus mlaku saka kono, ana wong wuta loro sing ngetutké Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Welasana aku, Putrané Daud.” 28  Banjur sakwisé Yésus mlebu ing salah siji omah, wong-wong wuta mau marani Yésus. Lan Yésus takon marang wong-wong kuwi, ”Apa kowé nduwé iman nèk aku isa marèkké kowé?” Wong-wong kuwi njawab, ”Iya, Gusti.” 29  Banjur Yésus ndemèk mripaté wong-wong wuta mau, lan kandha, ”Merga kowé nduwé iman, kuwi bakal kelakon.” 30  Banjur mripaté wong-wong wuta mau isa ndelok. Yésus tegas ngandhani wong-wong kuwi, ”Aja nganti ana wong sing ngerti bab iki.” 31  Nanging sakwisé metu, wong-wong mau banjur nyritakké bab Yésus ing kabèh dhaérah kuwi. 32  Wektu wong-wong kuwi arep lunga saka kana, akèh wong nggawa marang Yésus wong lanang bisu sing kesurupan roh jahat. 33  Sakwisé roh jahat kuwi diusir, wong lanang sing bisu mau isa ngomong. Akèh wong padha nggumun lan kandha, ”Durung tau ana kedadéan kaya ngéné iki ing Israèl.” 34  Nanging wong-wong Farisi kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu panguwasané roh jahat.” 35  Yésus lunga menyang kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* martakké kabar apik bab Kraton, lan marèkké werna-werna penyakit lan masalah keséhatan. 36  Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké, merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni* kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. 37  Banjur Yésus kandha marang para muridé, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. 38  Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.”

Katrangan Tambahan

Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”dikuliti lan dibuwang”.