Matius 4:1-25

  • Iblis nggodha Yésus (1-11)

  • Yésus mulai nginjil ing Galiléa (12-17)

  • Murid-murid sing kapisan diundang (18-22)

  • Yésus nginjil, mulang, lan marèkké (23-25)

4  Banjur, Yésus dituntun roh suci menyang padhang belantara, lan ing kana Yésus digodha Iblis.  Sakwisé pasa 40 dina 40 wengi, Yésus krasa luwé.  Iblis* banjur teka nggodha Yésus lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.”  Nanging Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa kudu urip, ora mung saka roti waé, nanging saka saben tembung sing dingendikakké Yéhuwah.’”  Banjur Iblis nggawa Yésus menyang kutha suci,* ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait,  lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, anjloga. Merga Kitab Suci kandha, ’Gusti Allah bakal mréntahké para malaékaté,’ lan, ’Para malaékat kuwi bakal nampani kowé supaya aja nganti sikilmu kesandhung watu.’”  Yésus njawab, ”Kitab Suci uga kandha, ’Aja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.’”  Banjur Iblis nggawa Yésus menyang gunung sing dhuwur banget lan nduduhké kabèh pamréntahan manungsa ing donya lan kamulyané.  Iblis kandha, ”Kabèh iki bakal tak kèkké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” 10  Banjur Yésus njawab, ”Lungaa, Sétan! Merga Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.’”* 11  Iblis banjur ninggalké Yésus, lan para malaékat teka kanggo ngladèni Yésus. 12  Wektu krungu nèk Yohanes wis ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa. 13  Sakwisé ninggalké Nazarèt, Yésus lunga lan manggon ing Kapernaum, ing pinggir laut ing dhaérah Zébulon lan Naftali, 14  supaya kelakon apa sing diomongké liwat Nabi Yésaya, yaiku, 15  ”Hé, tanah Zébulon lan tanah Naftali, ing dalan menyang laut, ing sebrangé Kali Yordan, ing Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya. 16  Wong-wong sing lungguh ing pepeteng ndelok cahya sing padhang, lan wong-wong sing lungguh ing panggonan sing ditutupi bayang-bayang pati wis dipadhangi.” 17  Wiwit wektu kuwi, Yésus mulai nginjil lan kandha, ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.” 18  Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok wong loro kakang-adhi, yaiku Simon sing disebut Pétrus lan Andréas. Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut merga wong loro kuwi nelayan. 19  Yésus kandha, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” 20  Wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané* lan mèlu Yésus. 21  Sakwisé lunga saka kono, Yésus ndelok wong loro liyané sing uga kakang-adhi, yaiku Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus. Wong loro kuwi lagi ndandani jala ing prau karo bapaké, lan Yésus ngundang wong loro kuwi. 22  Wong loro kuwi langsung ninggalké prauné lan bapaké, terus mèlu Yésus. 23  Terus Yésus lunga menyang kabèh dhaérah ing Galiléa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* lan martakké kabar apik bab Kratoné Allah, uga marèkké kabèh penyakit lan kabèh masalah keséhatan. 24  Warta bab Yésus nyebar ing kabèh wilayah Siria. Wong-wong nggawa marang Yésus kabèh sing sengsara merga werna-werna penyakit, sing kesurupan, sing ayan, lan sing lumpuh. Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 25  Mula, ana akèh wong sing mèlu Yésus. Wong-wong kuwi asalé saka Galiléa, Dékapolis,* Yérusalèm, Yudéa, lan saka sebrangé Kali Yordan.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Panggodha kuwi”.
Maksudé, Yérusalèm.
Utawa ”mènèhi pelayanan suci”.
Lit.: ”jalané”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.