Matius 10:1-42

  • Rolas rasul (1-4)

  • Arahan kanggo nginjil (5-15)

  • Murid-murid bakal dianiaya (16-25)

  • Wedi marang Gusti Allah, dudu manungsa (26-31)

  • Ora nggawa rukun, nanging nggawa pedhang (32-39)

  • Nampa murid-muridé Yésus (40-42)

10  Yésus nyeluk 12 muridé banjur mènèhi kuwasa kanggo ngusir roh najis, lan marèkké werna-werna penyakit lan kabèh masalah keséhatan.  Jenengé 12 rasul kuwi yaiku Simon sing disebut Pétrus, Andréas seduluré, Yakobus lan Yohanes anak-anaké Zébédéus,  Filipus lan Bartoloméus, Tomas, Matius petugas pajeg, Yakobus anaké Alféus, Tadéus,  Simon wong saka Kanani,* lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus.  Yésus ngutus 12 rasul kuwi lan mènèhi arahan, ”Aja lunga menyang dhaérahé bangsa-bangsa liya, aja mlebu menyang kuthané wong Samaria.  Nanging, lungaa marang wong Israèl waé, sing kaya wedhus-wedhus gèmbèl sing kesasar.  Lungaa lan wartakna, ’Kraton swarga wis cedhak.’  Marèkna wong lara, uripna wong mati, marèkna* wong lara kusta, usiren roh-roh jahat. Kowé padha nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.  Aja sangu emas, pérak, tembaga ing kanthong dhuwitmu, 10  utawa kanthong panganan kanggo perjalanan, utawa salin,* sandhal, utawa teken, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé.* 11  ”Ing saben kutha utawa désa sing kok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé, lan manggona ing kono nganti kowé lunga. 12  Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. 13  Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk berkah.* Nanging nèk ora gelem nampa, wong-wong kuwi ora bakal éntuk berkah apa-apa.* 14  Nèk ana wong sing ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka omah utawa kutha kuwi, lan kebutna* bledug saka sikilmu. 15  Saktenané aku kandha marang kowé, ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng ketimbang kanggo kutha kuwi. 16  ”Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya wedhus gèmbèl ing antarané serigala. Mula ngati-atia kaya ula nanging tulus kaya manuk dara. 17  Waspadaa, merga wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan lan mecuti kowé ing sinagogé-sinagogé.* 18  Kowé bakal digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku, supaya kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané. 19  Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké utawa piyé carané ngomong. Merga ing wektu kuwi uga, kowé bakal ngerti apa sing kudu kok omongké. 20  Merga sing ngomong dudu kowé, nanging kuwasa saka Bapakmu sing mbantu kowé ngomong. 21  Banjur, wong bakal masrahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé kanggo dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. 22  Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.* Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké. 23  Nèk kowé dianiaya ing salah sijiné kutha, lungaa menyang kutha liyané. Saktenané aku kandha, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Putrané manungsa teka. 24  ”Murid kuwi ora ngluwihi guruné, lan budhak ora ngluwihi majikané. 25  Kanggo murid, wis cukup nèk padha kaya guruné, lan budhak padha kaya majikané. Nèk sing nduwé omah waé diarani Béèlzebul,* apa manèh wong-wong sing sak omah karo dhèwèké. 26  Mula, aja padha wedi karo wong-wong kuwi. Apa sing ketutup bakal kebukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni. 27  Apa sing tak kandhakké meneng-meneng marang kowé, critakna marang kabèh wong. Apa sing tak bisikké marang kowé, wartakna ing ngarepé wong akèh. 28  Aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging ora isa matèni jiwa.* Nanging, wedia marang Panjenengané sing isa nyirnakké jiwa lan badan ing Géhéna.* 29  Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik,* ta? Nanging, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah, tanpa dingertèni Bapakmu. 30  Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. 31  Mula aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit. 32  ”Saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa, aku uga bakal ngakoni dhèwèké ing ngarepé Bapakku ing swarga. 33  Nanging sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, aku uga ora bakal ngakoni dhèwèké ing ngarepé Bapakku ing swarga. 34  Aja padha ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi. Aku teka ora nggawa rukun, nanging nggawa pedhang. 35  Merga tekaku iki nggawé wong mungsuhan, anak lanang nglawan bapaké, anak wadon nglawan ibuné, lan mantu wadon nglawan ibu maratuwané. 36  Saktenané, wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé. 37  Sapa waé sing luwih nresnani bapaké utawa ibuné ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku. Lan sapa waé sing luwih nresnani anaké lanang utawa wadon ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku. 38  Sapa waé sing ora lila nampa cagak paukumané* lan ngetutké aku, ora pantes dadi muridku. 39  Sapa sing ngupaya nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa sing kélangan nyawané demi aku, bakal éntuk nyawané.* 40  ”Sapa waé sing nampa kowé, uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, uga nampa Panjenengané sing ngutus aku. 41  Sapa waé sing nampa nabi merga wong kuwi nabi, bakal éntuk opah nabi. Lan sapa waé sing nampa wong bener merga wong kuwi bener, bakal éntuk opah wong bener. 42  Lan sapa waé sing mènèhi banyu adhem sak cangkir marang salah siji saka antarané wong-wong cilik iki, merga wong kuwi muridku, saktenané aku kandha marang kowé, dhèwèké ora bakal kélangan opahé.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”wong sing semangat”.
Utawa ”sucèkna”.
Utawa ”klambi cacahé loro”.
Lit.: ”panganané”.
Utawa ”damai”.
Utawa ”damaimu bakal bali menyang kowé”.
Utawa ”resikana”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Sebutan kanggo Sétan, panguwasané roh-roh jahat.
Utawa ”urip”. Maksudé, pangarep-arep urip mbésuk.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sak asarion”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”jiwané”.
Utawa ”bakal urip manèh”.