Markus 9:1-50

  • Yésus ditransfigurasi (1-13)

  • Bocah lanang sing kesurupan roh jahat dimarèkké (14-29)

    • Ora ana sing mustahil kanggo wong sing nduwé iman (23)

  • Sédané Yésus diramalké manèh (30-32)

  • Murid-murid padu bab sapa sing paling penting (33-37)

  • Wong sing ora nglawan kita, wong kuwi mihak kita (38-41)

  • Sing nyebabké kesandhung (42-48)

  • ”Kowé kudu nduwé uyah ing uripmu” (49, 50)

9  Banjur Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah teka nganggo kuwasa sing gedhé.”  Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. Ing kono, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih,*  lan klambi njabané dadi saya putih lan padhang banget. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké kain nganti putihé ngungkuli kuwi.  Wong telu kuwi uga ndelok Élia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus.  Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Rabi,* aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.”  Sakjané Pétrus bingung arep ngomong apa, merga wong telu kuwi padha wedi banget.  Banjur ana méga teka lan nutupi wong-wong kuwi, lan ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani. Rungokna dhèwèké.”  Murid telu kuwi langsung nolèh ngiwa-nengen, lan ndelok ora ana wong liya manèh sing bareng wong-wong kuwi, kejaba mung Yésus.  Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus kanthi tegas ngélikké murid-muridé supaya ora nyritakké apa sing wis didelok mau marang wong liya, nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati. 10  Murid-murid kuwi nganggep serius omongané Yésus.* Nanging wong telu kuwi rembugan dhéwé bab maksudé Yésus diuripké manèh saka antarané wong mati. 11  Murid-murid kuwi mulai takon marang Yésus, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” 12  Yésus njawab, ”Élia pancèn teka luwih dhisik lan dhèwèké bakal nyiapké sakabèhé. Nanging apa hubungané karo ayat sing kandha nèk Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan dirèmèhké? 13  Aku kandha marang kowé, Élia sakjané wis teka, nanging wong-wong tumindak sakarepé dhéwé marang dhèwèké, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké.” 14  Wektu marani murid-murid liyané, Yésus lan muridé telu kuwi ndelok ana kumpulan wong ing sakiwa-tengené murid-murid liyané, ana uga ahli Taurat sing lagi bebantahan karo murid-murid kuwi. 15  Nanging wektu kumpulan wong kuwi weruh Yésus, wong-wong kuwi kagèt banjur padha mlayu marani Yésus kanggo ngucapké salam marang Yésus. 16  Mula Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi bebantahan karo wong-wong kuwi bab apa?” 17  Salah siji wong saka kumpulan wong kuwi njawab, ”Guru, aku nggawa anakku lanang marang panjenengan, merga dhèwèké kesurupan roh jahat sing marahi dhèwèké bisu. 18  Saben roh jahat kuwi nyerang, bocah iki dibanting ing lemah, cangkemé metu busané,* lan untuné kerot-kerot, uga kentèkan tenaga. Aku wis nyuwun tulung murid-muridé panjenengan kanggo ngusir roh jahat kuwi, nanging murid-muridé panjenengan ora isa.” 19  Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh? Gawanen dhèwèké marang aku.” 20  Mula wong-wong nggawa bocah lanang kuwi marang Yésus. Nanging wektu ndelok Yésus, roh jahat kuwi langsung nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, bocah kuwi gulung-gulung lan cangkemé metu busané.* 21  Yésus takon marang bapaké bocah kuwi, ”Wiwit kapan anakmu kaya ngéné iki?” Bapaké njawab, ”Wiwit cilik. 22  Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu kanggo matèni dhèwèké. Nanging nèk panjenengan isa, nyuwun tulung welasana aku lan tulungana aku.” 23  Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ʼNèk panjenengan isaʼ? Ora ana sing mustahil kanggo wong sing nduwé iman.” 24  Bapaké bocah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman! Tulungana supaya imanku luwih kuwat!” 25  Wektu Yésus ndelok wong akèh padha mlayu nyedhak, Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Hé, roh bisu lan budheg, kowé tak préntahké, metua saka bocah iki lan aja bali manèh!” 26  Sakwisé mbengok lan nggawé bocah kuwi kejang-kejang, roh jahat kuwi metu. Bocah kuwi kétok kaya wong sing wis mati, mula akèh wong padha kandha, ”Dhèwèké mati!” 27  Nanging Yésus terus nyekel tangané bocah mau lan nangèkké dhèwèké. Bocah kuwi banjur ngadeg. 28  Sakwisé mlebu ing sawijiné omah lan ora ana wong liya ing kono, murid-muridé takon marang Yésus, ”Apa sebabé aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” 29  Yésus njawab, ”Sing kaya ngono kuwi mung isa diusir nganggo donga.” 30  Yésus lan para murid mangkat saka kono lan lunga ngliwati Galiléa, nanging Yésus ora péngin wong-wong ngerti bab kuwi. 31  Merga Yésus lagi mulang lan ngandhani murid-muridé, ”Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa, lan wong-wong kuwi bakal matèni dhèwèké. Senajan dipatèni, telung dina sakbanjuré dhèwèké bakal urip manèh.” 32  Nanging, murid-muridé ora ngerti tegesé omongané Yésus, lan ora wani takon marang Yésus. 33  Yésus lan para murid tekan ing Kapernaum. Wektu ana ing njero omah, Yésus takon marang murid-muridé, ”Kowé mau pas ing dalan padha padu bab apa?” 34  Murid-muridé meneng waé, merga pas ing dalan mau padha padu bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 35  Mula Yésus lungguh lan nyeluk 12 rasulé, lan kandha, ”Nèk ana sing péngin dadi sing nomer siji, dhèwèké kudu dadi sing kèri dhéwé lan ngladèni kabèh wong.” 36  Banjur, Yésus nyeluk bocah cilik siji lan ngongkon dhèwèké ngadeg ing ngarepé para muridé. Yésus ngrangkul bocah cilik kuwi, lan kandha marang murid-muridé, 37  ”Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* tegesé uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, ora mung nampa aku, nanging uga nampa Panjenengané sing ngutus aku.” 38  Yohanes kandha marang Yésus, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.” 39  Nanging Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi, merga ora ana wong sing nindakké mukjijat nganggo jenengku lan bar kuwi langsung ngèlèk-èlèk aku. 40  Wong sing ora nglawan kita, wong kuwi mihak kita. 41  Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing mènèhi kowé ngombé sak cangkir merga kowé duwèké Kristus, wong kuwi ora bakal kélangan opahé. 42  Nanging sapa sing marahi wong-wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman,* luwih becik kanggo dhèwèké dikalungi watu gilingan* terus diuncalké ing laut. 43  ”Nèk tanganmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Luwih becik kowé cacad nanging nampa urip* ketimbang nduwé tangan loro nanging diuncalké ing Géhéna,* ing geni sing ora isa dipatèni. 44  *⁠—— 45  Lan nèk sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Luwih becik kowé cacad nanging nampa urip* ketimbang nduwé sikil loro nanging diuncalké ing Géhéna.* 46  *⁠—— 47  Lan nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* buwangen kuwi. Luwih becik kowé nduwé mripat siji nanging mlebu ing Kratoné Allah ketimbang nduwé mripat loro nanging diuncalké ing Géhéna,* 48  ing kono sèt-sèté ora mati lan geniné tetep murub. 49  ”Merga saben wong* bakal diuyahi nganggo geni. 50  Uyah pancèn apik, nanging nèk uyah wis ora asin, nganggo apa kuwi isa diasinké manèh? Kowé kudu nduwé uyah ing uripmu, lan tetepa rukun karo siji lan sijiné.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”ditransfigurasi”.
Utawa ”Guru”.
Utawa mungkin ”ora ngandhani sapa-sapa bab kuwi”.
Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”generasi”.
Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”dikhianati”.
Utawa ”demi jenengku”.
Lit.: ”kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Daftar Istilah.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Lit.: ”kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Daftar Istilah.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Lit.: ”kesandhung”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wong-wong sing diuncalké ing Géhéna.