Markus 7:1-37

  • Kesalahané tradhisi manungsa disingkapké (1-13)

  • Sing nggawé najis kuwi sing metu saka ati (14-23)

  • Imané wong wadon Sirofénisia (24-30)

  • Wong lanang budheg dimarèkké (31-37)

7  Ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka saka Yérusalèm lan nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus.  Banjur wong-wong kuwi weruh ana murid-muridé Yésus sing mangan nganggo tangan sing najis, yaiku tangan sing ora wijik* dhisik.  (Merga nggondhèli tradhisiné para leluhur, wong Farisi lan kabèh wong Yahudi mesthi ngwijiki tangané nganti tekan sikut sakdurungé mangan.  Sakwisé bali saka pasar, wong-wong kuwi mesthi ngresiki awaké sakdurungé mangan. Isih ana akèh tradhisi liyané sing ditindakké lan digondhèli karo wong-wong kuwi, contoné, ngekum gelas, téko, lan wadhah saka tembaga.)  Mula wong-wong Farisi lan ahli Taurat takon marang Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné para leluhur, nanging malah mangan nganggo tangan sing najis?”  Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong-wong munafik, bener banget sing diramalké Nabi Yésaya bab kowé. Dhèwèké nulis, ʼUmat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku.  Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.ʼ  Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan nggondhèli tradhisiné manungsa.”  Yésus neruské omongané, ”Kowé kuwi pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah supaya isa nglakoni tradhisimu. 10  Contoné, Musa kandha, ʼAjènana bapakmu lan ibumu,ʼ lan, ʼWong sing ngomong kasar* marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.ʼ 11  Nanging kowé kandha, ʼWong éntuk kandha marang bapak utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, wis tak wènèhké dadi kurban (maksudé, persembahan sing kusus kanggo Gusti Allah).”ʼ 12  Dadi, kowé ora ngéntukké wong kuwi nindakké apa-apa manèh kanggo bapak utawa ibuné. 13  Mula, kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisi sing kok wulangké turun-temurun. Lan ana akèh manèh perkara kaya ngéné iki sing kok tindakké.” 14  Yésus ngundang manèh wong akèh sing ana ing kono, lan kandha, ”Kowé kabèh, rungokna aku, lan ngertènana iki. 15  Apa sing mlebu ing cangkemé wong ora nggawé dhèwèké najis, nanging apa sing metu saka wong, kuwi sing nggawé dhèwèké najis.” 16  *⁠—— 17  Sakwisé Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan mlebu ing sawijiné omah, murid-muridé mulai takon bab umpama kuwi. 18  Mula Yésus kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ya isih durung ngerti kaya wong-wong kuwi? Apa kowé ora ngerti nèk apa sing mlebu ing cangkemé wong ora nggawé dhèwèké najis? 19  Merga kuwi ora mlebu ing atiné, nanging ing wetengé, lan akiré kuwi dibuwang ing jamban.” Dadi Yésus kandha nèk kabèh panganan kuwi halal. 20  Yésus neruské omongané, ”Wong dadi najis merga apa sing metu saka dhèwèké. 21  Merga saka njero, saka atiné manungsa, metu pikiran jahat, hubungan sèks sing ora sah,* nyolong, matèni, 22  laku jina, srakah, tumindak jahat, ngapusi, kurang ajar,* iri, ngrèmèhké, sombong, lan sikap ora masuk akal. 23  Kabèh bab sing jahat kuwi metu saka ati lan nggawé wong dadi najis.” 24  Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon. Ing kono, Yésus mlebu ing sawijiné omah lan ora péngin ana wong sing ngerti, nanging tetep waé wong-wong padha ngerti. 25  Ora let suwé sakwisé Yésus teka, ana wong wadon sing anaké wadon kesurupan roh najis krungu bab Yésus. Wong wadon kuwi teka lan sujud ing sikilé Yésus. 26  Wong wadon kuwi wong Yunani, sing lair ing Sirofénisia. Dhèwèké nyuwun terus marang Yésus supaya ngusir roh jahat kuwi saka anaké wadon. 27  Nanging Yésus kandha, ”Ora sakmesthiné njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik. Ejarna dhisik bocah-bocah kuwi mangan nganti wareg.” 28  Nanging wong wadon kuwi njawab, ”Bener, Pak, nanging sakjané kirik-kirik ing ngisor méja padha mangan rontogan saka bocah-bocah kuwi.” 29  Mula Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Merga kowé ngomong kaya ngono, lungaa, roh jahat kuwi wis metu saka anakmu.” 30  Wong wadon kuwi banjur mulih lan ndelok anaké lagi turu ing ambèn, lan roh jahat kuwi wis lunga. 31  Wektu Yésus bali saka dhaérah Tirus, dhèwèké lunga menyang Laut Galiléa liwat Sidon, ngliwati dhaérah Dékapolis.* 32  Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing nduwé gangguan wicara. Wong-wong kuwi nyuwun supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau. 33  Yésus banjur nggawa wong kuwi ngedoh saka wong-wong liyané. Wektu ora ana wong liya ing sakcedhaké, Yésus banjur nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi. 34  Yésus banjur ndhangak ndelok langit, ngunjal ambekan lan kandha, ”Effata,” sing tegesé ”Mengaa”. 35  Kupingé wong kuwi langsung kebukak. Gangguan wicarané mari, lan wong kuwi dadi isa cetha anggoné omongan. 36  Yésus nglarang wong-wong ngandhani sapa-sapa, nanging saya dilarang, wong-wong kuwi saya crita ing ngendi-endi. 37  Wong-wong kuwi padha nggumun banget, lan kandha, ”Kabèh sing dhèwèké tindakké nggumunké tenan. Malah dhèwèké nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong.”

Katrangan Tambahan

Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”ngunèk-unèkké”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Bentuk jamak tembung Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.