Markus 12:1-44

  • Umpama bab petani sing jahat (1-12)

  • Gusti Allah lan Kaisar (13-17)

  • Pitakonan bab wong mati sing diuripké manèh (18-27)

  • Rong préntah sing paling penting (28-34)

  • Apa Kristus kuwi putrané Daud? (35-37a)

  • Ati-ati karo ahli Taurat (37b-40)

  • Rong dhuwit rècèhé randha miskin (41-44)

12  Banjur Yésus mulai ngomong marang wong-wong nganggo umpama, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri.  Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi kanggo njupuk sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi.  Nanging para petani mau nangkep budhak kuwi, nggebugi dhèwèké, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa.  Banjur dhèwèké ngutus budhak liyané manèh, nanging para petani mau nggebugi sirahé lan tumindak sewenang-wenang marang budhak kuwi.  Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané, nanging para petani mau matèni budhak kuwi. Dhèwèké ngutus manèh akèh budhak liyané, nanging sebagéan budhak kuwi digebugi lan sebagéan dipatèni.  Saiki sing diduwèni mung kari wong siji, yaiku anaké lanang sing ditresnani. Akiré, dhèwèké ngutus anaké marang wong-wong kuwi, merga dhèwèké mikir, ʼWong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.ʼ  Nanging para petani kuwi kandha marang siji lan sijiné, ʼWong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, lan warisané bakal dadi duwèké awaké dhéwé.ʼ  Mula wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèd ahli waris kuwi menyang njabané kebon anggur.  Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi, lan bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya. 10  Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ʼWatu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. 11  Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.ʼ” 12  Wektu krungu kuwi, para imam kepala lan ahli Taurat péngin nangkep Yésus merga ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau. Nanging wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, mula wong-wong kuwi lunga ninggalké Yésus. 13  Banjur wong-wong kuwi ngutus sapérangan wong Farisi lan pengikuté partai Hérodhès marang Yésus, kanggo nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. 14  Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora? 15  Kita kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik, mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé nguji aku? Duduhna marang aku dhuwit dinar* siji.” 16  Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus banjur takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17  Banjur Yésus kandha, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” Wong-wong kuwi padha nggumun banget krungu omongané Yésus. 18  Banjur, ana wong-wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, 19  ”Guru, Musa nulis nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing wis mati mau nduwé keturunan. 20  Ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah, nanging wektu mati, dhèwèké ora nduwé keturunan. 21  Banjur sing kapindho nikah karo randha mau, nanging mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. 22  Kabèh wong pitu mau mati tanpa nduwé keturunan. Lan akiré wong wadon kuwi uga mati. 23  Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.” 24  Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. 25  Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. 26  Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ʼAku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.ʼ 27  Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.” 28  Salah siji ahli Taurat sing teka ing kono krungu bab bebantahan kuwi. Dhèwèké ngerti nèk Yésus mènèhi jawaban nganggo cara sing apik, mula dhèwèké takon, ”Préntah endi sing paling penting saka kabèh préntah liyané?” 29  Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ʼIsraèl, rungokna! Yéhuwah kuwi Gusti Allah kita, Yéhuwah kuwi ésa, 30  lan tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.ʼ 31  Sing kapindho, ʼTresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.ʼ Ora ana préntah liya sing luwih penting ketimbang rong préntah kuwi.” 32  Ahli Taurat kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, jawabané panjenengan apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ʼGusti Allah kuwi ésa, lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Panjenenganéʼ. 33  Lan, nresnani Panjenengané nganggo sakwutuhé ati, sakwutuhé pikiran,* lan sakwutuhé kekuwatan, uga nresnani pepadha* kaya nresnani awaké dhéwé kuwi luwih penting ketimbang mènèhké kurban bakaran lan kurban liyané.” 34  Merga ngerti nèk wong lanang kuwi njawab kanthi wicaksana, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Kowé ora adoh saka Kratoné Allah.” Sakwisé kuwi, ora ana wong sing wani takon manèh marang Yésus. 35  Nanging wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Apa sebabé ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi putrané Daud? 36  Daud sing dituntun roh suci kandha, ʼYéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”ʼ 37  Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus kuwi disebut putrané Daud?” Akèh wong sing ana ing kono padha seneng ngrungokké Yésus. 38  Wektu mulang, Yésus kandha, ”Padha ngati-atia karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan péngin nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum* 39  uga seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan panggonan kanggo tamu penting ing pésta. 40  Wong-wong kuwi ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.” 41  Yésus banjur lungguh madhep kothak-kothak sumbangan lan mulai nggatèkké wong-wong sing nglebokké dhuwit ing kono. Akèh wong sugih nglebokké dhuwit sing akèh. 42  Banjur ana randha miskin sing teka lan nglebokké rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné.* 43  Mula Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan. 44  Wong-wong kuwi mènèhi saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi senajan miskin, nglebokké kabèh duwèké, yaiku kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.”

Katrangan Tambahan

Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jiwamu”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”pangertèn”.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”pasar”.
Utawa ”sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”bandhané”.
Lit.: ”rong lepton, yaiku sak kwadrans”.