Lukas 8:1-56

  • Wong-wong wadon sing mbantu Yésus (1-3)

  • Umpama bab petani (4-8)

  • Alesané Yésus nggunakké umpama (9, 10)

  • Umpama bab petani diterangké (11-15)

  • Lampu minyak kuduné ora ditutupi (16-18)

  • Ibuné lan sedulur-seduluré Yésus (19-21)

  • Yésus nggawé angin gedhé mandheg (22-25)

  • Yésus mréntahké roh-roh jahat mlebu ing babi (26-39)

  • Anaké Yairus; wong wadon ndemèk pucuk klambi njabané Yésus (40-56)

8  Ora let suwé, Yésus lunga saka kutha menyang kutha liyané lan saka désa menyang désa liyané kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Yésus lunga bareng karo 12 rasulé  lan wong-wong wadon sing wis dibébaské saka roh-roh jahat lan dimarèkké saka penyakité, yaiku Maria sing disebut Magdaléna sing tau dibébaské saka roh jahat pitu,  Yohana bojoné Khuza yaiku pengurus istanané Hérodès, uga Susana, lan akèh wong wadon liyané. Kabèh wong wadon kuwi nggunakké bandhané kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé.  Banjur, wektu akèh wong padha teka lan nggabung karo wong-wong sing marani Yésus saka kutha-kutha liyané, Yésus ngomong marang wong-wong kuwi nggunakké umpama iki:  ”Ana petani sing metu kanggo nyebar winihé. Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, banjur manuk-manuk notholi nganti entèk.  Ana winih sing tiba ing ndhuwur watu, sakwisé thukul, winih-winih kuwi garing merga ora éntuk banyu.  Winih-winih liyané tiba ing antarané suket eri, lan suket-suket eri sing tuwuh bareng, njiret thukulan kuwi.  Nanging winih-winih liyané tiba ing lemah sing subur, lan sakwisé thukul, winih kuwi ngasilké woh tikel 100.” Sakwisé nyritakké kabèh kuwi, Yésus kandha, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”  Nanging murid-muridé takon marang Yésus apa tegesé umpama kuwi. 10  Yésus njawab, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah, nanging wong-wong liyané mung krungu bab umpamané waé. Mula senajan ndeleng, nanging padha ora weruh, lan senajan krungu, nanging padha ora ngerti artiné. 11  Iki tegesé umpama mau: Winih kuwi yaiku pangandikané Gusti Allah. 12  Lemah ing pinggir dalan panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging Iblis teka lan ngrampas pangandika kuwi saka njero atiné, supaya wong-wong kuwi ora percaya lan ora dislametké. 13  Watu panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan nampa kanthi bungah, nanging pangandika kuwi ora ngoyod ing njero atiné. Wong-wong kuwi percaya mung sedhéla, nanging wektu ngadhepi ujian ing urip, imané wong-wong kuwi dadi ilang. 14  Suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging keslimur karo kekuwatiran, kasugihan, lan kesenengan ing urip. Dadi pangandika kuwi bener-bener kejiret lan ora ngasilké woh sing mateng. 15  Lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing atiné tulus lan apik. Sakwisé ngrungokké pangandika kuwi, dhèwèké nyimpen kuwi ing atiné lan ngasilké woh kanthi tekun. 16  ”Sakwisé nyumed lampu minyak, wong ora bakal nutupi kuwi nganggo wadhah utawa ndèlèhké ing ngisor ambèn, nanging bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur supaya wong-wong sing mlebu ing omah isa ndelok cahyané. 17  Sebab kabèh sing didhelikké bakal kétok cetha, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak lan dingertèni. 18  Mula gatèkna caramu ngrungokké, merga wong sing nduwé pangertèn bakal diparingi luwih akèh. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing rumangsané diduwèni bakal dijupuk saka dhèwèké.” 19  Ibuné Yésus lan sedulur-seduluré lanang teka kanggo nemoni Yésus, nanging ora isa nyedhak merga saking akèhé wong. 20  Mula, ana sing ngandhani Yésus, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ngadeg ing njaba, péngin ketemu panjenengan.” 21  Banjur Yésus njawab, ”Ibuku lan sedulur-sedulurku kuwi wong-wong iki, yaiku sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.” 22  Ing sawijiné dina, Yésus lan murid-muridé numpak prau. Yésus kandha marang para muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang sebrang danau.” Banjur padha mangkat. 23  Wektu lagi numpak prau, Yésus keturon. Banjur ana angin gedhé ing danau kuwi, prauné dadi kebak banyu lan mèh kleleb. 24  Banjur murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, Guru, awaké dhéwé bakal mati!” Yésus banjur tangi lan nggetak angin lan banyu sing ngamuk kuwi. Angin gedhé kuwi banjur mandheg lan kahanané dadi tenang. 25  Banjur Yésus kandha marang para muridé, ”Ing ngendi imanmu?” Nanging para muridé padha kewedèn lan nggumun, banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Sapa ta sakjané wong iki? Angin lan banyu waé manut karo préntahé.” 26  Banjur wong-wong kuwi tekan ing pantai, ing dhaérah wong Gérasa, sing ana ing sebrangé Galiléa. 27  Wektu mudhun saka prau, Yésus ketemu karo wong lanang saka kutha kuwi sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké wis suwé ora klambèn lan ora manggon ing omah, nanging manggon ing antarané kuburan-kuburan. 28  Pas ndelok Yésus, wong lanang kuwi mbengok lan sujud ing ngarepé Yésus. Dhèwèké kandha nganggo swara seru, ”Apa urusanku karo kowé, Yésus Putrané Gusti Allah sing Mahaluhur? Aku nyuwun supaya aja nyiksa aku.” 29  (Merga Yésus ngongkon roh najis kuwi metu saka wong lanang mau. Roh kuwi wis kerep ngleboni wong lanang kuwi,* lan dhèwèké wis bola-bali diranté ing tangan lan sikilé, lan dijaga tenanan. Nanging dhèwèké isa medhot ranténé, lan digawa karo roh jahat kuwi ing panggonan-panggonan sing sepi.) 30  Yésus takon, ”Jenengmu sapa?” Dhèwèké njawab, ”Legiun,”* merga akèh roh jahat sing ngleboni wong kuwi. 31  Roh-roh kuwi nyuwun terus supaya Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi mlebu ing jurang sing jero banget.* 32  Wektu kuwi, ana sakumpulan babi sing lagi mangan ing gunung. Mula roh-roh kuwi nyuwun supaya éntuk mlebu ing babi-babi kuwi, lan Yésus ngijinké. 33  Roh-roh kuwi metu saka wong lanang mau banjur mlebu ing babi-babi kuwi, lan kabèh babi kuwi njegur ing danau saka tebing lan mati kleleb. 34  Nanging wektu wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi ndelok apa sing kedadéan, wong-wong kuwi mlayu lan nyritakké ing kutha lan ing dhaérah sakcedhaké. 35  Mula wong-wong padha metu kanggo ndelok apa sing lagi waé kedadéan. Wong-wong kuwi nemoni Yésus lan weruh wong lanang sing mau kesurupan roh jahat lagi lungguh ing cedhak sikilé Yésus, wis nganggo klambi lan pikirané waras. Wong-wong kuwi dadi padha wedi. 36  Wong-wong sing ndelok kedadéan mau nyritakké marang wong-wong sing padha teka kuwi bab piyé wong lanang sing kesurupan mau isa dadi waras. 37  Banjur akèh wong saka dhaérah wong Gérasa padha njaluk supaya Yésus ninggalké dhaérah kuwi, merga padha kewedèn. Yésus banjur numpak prau lan lunga. 38  Wong sing mauné kesurupan kuwi terus-terusan nyuwun supaya isa mèlu Yésus, nanging Yésus ngongkon wong kuwi lunga, lan kandha, 39  ”Muliha, lan terus critakna apa sing ditindakké Gusti Allah kanggo kowé.” Mula wong kuwi lunga lan nyritakké marang wong-wong sak kutha bab sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké. 40  Wektu Yésus bali menyang wilayah Galiléa, wong-wong padha nampa Yésus kanthi ramah, merga kabèh wong wis ngentèni Yésus. 41  Banjur, ana wong lanang sing jenengé Yairus teka. Wong kuwi ketua sinagogé.* Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan mulai nyuwun supaya Yésus mara ing omahé, 42  merga anaké wadon siji-sijiné, sing umuré kira-kira 12 taun, mèh mati. Wektu Yésus mlaku, wong akèh padha dhesek-dhesekan ing sakiwa-tengené Yésus. 43  Ing kono, ana wong wadon sing wis 12 taun lara pendarahan, lan durung ana sing isa marèkké dhèwèké. 44  Wong wadon kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, lan pendarahané langsung mandheg. 45  Mula Yésus kandha, ”Sapa sing ndemèk aku?” Nanging ora ana sing ngaku. Banjur Pétrus kandha, ”Guru, ing sakiwa-tengené panjenengan ana akèh wong sing dhesek-dhesekan.” 46  Nanging Yésus kandha, ”Ana sing ndemèk aku, merga aku ngerti ana kuwasa sing metu saka awakku.” 47  Merga ngerti nèk dhèwèké konangan, wong wadon mau marani Yésus karo ndredheg, lan sujud ing ngarepé. Dhèwèké banjur nyritakké ing ngarepé kabèh wong ngapa dhèwèké ndemèk Yésus lan piyé dhèwèké langsung mari. 48  Nanging Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem.” 49  Wektu Yésus lagi ngomong, ana utusan saka omahé Yairus teka lan kandha, ”Anakmu wadon wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.” 50  Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir, kowé mung kudu nduwé iman lan anakmu bakal urip.”* 51  Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ora ngijinké sapa waé mlebu bareng dhèwèké, kejaba Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan wong tuwané bocah kuwi. 52  Kabèh wong lagi nangis lan nggebugi awaké merga sedhih. Mula Yésus kandha, ”Aja nangis manèh, merga bocah wadon iki ora mati nanging lagi turu.” 53  Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus, merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wadon mau wis mati. 54  Nanging Yésus nyekel tangané bocah wadon kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk!” 55  Bocah kuwi urip manèh,* lan dhèwèké langsung tangi. Banjur Yésus ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi maem. 56  Wong tuwané seneng banget. Nanging Yésus nglarang wong loro kuwi nyritakké kedadéan kuwi marang sapa waé.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”Roh kuwi wis suwé nguwasani wong lanang kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”dislametké”.
Lit.: ”rohé bali”. Deloken ”Roh” ing Daftar Istilah.