Lukas 6:1-49

  • Yésus, ”Gustiné dina Sabat” (1-5)

  • Wong lanang sing tangané lumpuh dimarèkké (6-11)

  • Rolas rasul (12-16)

  • Yésus mulang lan marèkké wong-wong (17-19)

  • Bungah lan cilaka (20-26)

  • Nresnani mungsuh (27-36)

  • Aja ngadili manèh (37-42)

  • Kétok saka wohé (43-45)

  • Omah ing ndhuwur watu; omah tanpa pondhasi sing kuwat (46-49)

6  Wektu kuwi, pas dina Sabat, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum, lan murid-muridé methik wohé gandum, banjur digosok-gosok nganggo tangané lan dipangan.  Mula, ana wong-wong Farisi sing kandha, ”Ngapa kowé nindakké apa sing dilarang pas dina Sabat?”  Nanging Yésus kandha, ”Apa kowé durung tau maca sing ditindakké Daud wektu dhèwèké lan anak buahé padha luwé?  Dhèwèké mlebu ing pedalemané Gusti Allah lan nampa roti persembahan, banjur dipangan lan diwènèhké marang anak buahé, padahal sakjané roti kuwi ora éntuk dipangan sapa-sapa kejaba para imam.”  Yésus ngomong manèh, ”Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.”  Ing dina Sabat liyané, Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulai mulang. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.*  Mula para ahli Taurat lan wong-wong Farisi ngematké Yésus tenanan kanggo ndelok apa Yésus bakal marèkké wong ing dina Sabat, supaya wong-wong kuwi nduwé alesan kanggo nudhuh Yésus.  Nanging, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Wong lumpuh kuwi banjur tangi lan ngadeg ing kono.  Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku arep takon, miturut hukum, endi sing éntuk ditindakké pas dina Sabat: tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa* utawa matèni?” 10  Yésus nyawang kabèh wong ing sakiwa-tengené, banjur kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngethungké tangané lan tangané mari. 11  Nanging wong-wong kuwi dadi nesu banget, lan mulai rembugan bab apa sing bakal ditindakké marang Yésus. 12  Ing sawijiné dina, Yésus munggah gunung kanggo ndonga. Yésus ndonga marang Gusti Allah sewengi muput. 13  Wektu wis padhang dinané, Yésus nyeluk murid-muridé lan milih 12 wong saka ing antarané, sing uga Yésus sebut rasul-rasul: 14  Simon sing uga Yésus jenengi Pétrus, Andréas seduluré Pétrus, Yakobus, Yohanes, Filipus, Bartoloméus, 15  Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Simon sing disebut ”wong sing semangat”, 16  Yudas anaké Yakobus, lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus. 17  Yésus banjur mudhun bareng karo wong-wong kuwi lan ngadeg ing panggonan sing rata. Ing kana ana akèh muridé, lan akèh wong liyané sing teka saka kabèh dhaérah Yudéa lan Yérusalèm, lan saka dhaérah pantai Tirus lan Sidon. Wong-wong kuwi teka kanggo ngrungokké Yésus lan dimarèkké saka penyakité. 18  Malah wong sing diganggu roh najis uga dimarèkké. 19  Kabèh wong kuwi ngupaya ndemèk Yésus, merga ana kuwasa sing metu saka Yésus lan nggawé wong-wong kuwi mari. 20  Yésus nyawang murid-muridé lan mulai kandha, ”Bungah kowé sing miskin, merga Kratoné Allah duwèkmu. 21  ”Bungah kowé sing saiki luwé, merga kowé bakal padha diwaregi. ”Bungah kowé sing saiki nangis, merga kowé bakal ngguyu. 22  ”Bungah kowé nèk ana wong-wong sing sengit marang kowé, nèk wong-wong kuwi ngedohi kowé, ngécé kowé, lan ngèlèk-èlèk jenengmu merga Putrané manungsa. 23  Merga kuwi sing mbiyèn ditindakké leluhuré wong-wong kuwi marang para nabi. Bungaha ing dina kuwi lan mlumpata, merga opahmu gedhé ing swarga. 24  ”Nanging cilaka kowé sing sugih, merga kowé wis ngrasakké kabèh kesenengan ing urip sing sakjané bakal kok tampa sukmbèn. 25  ”Cilaka kowé sing saiki wareg, merga kowé bakal luwé. ”Cilaka kowé sing saiki ngguyu, merga kowé bakal ngrasakké susah lan nangis. 26  ”Cilaka kowé nèk kabèh wong ngalem kowé, merga mbiyèn leluhuré wong-wong kuwi uga ngalem nabi-nabi palsu. 27  Nanging aku kandha marang kowé sing ngrungokké: Terusa tresna marang mungsuh-mungsuhmu, tindakna apa sing apik marang wong-wong sing sengit karo kowé, 28  nyuwuna marang Gusti Allah supaya mberkahi wong sing nyumpahi kowé, lan ndongaa kanggo wong-wong sing ngrèmèhké kowé. 29  Nèk ana sing napuk pipimu sing siji, wènèhna uga sing sijiné. Lan nèk ana sing njupuk klambimu njaba, ejarna dhèwèké uga njupuk klambimu njero. 30  Wènèhna apa sing dijaluk wong. Lan nèk ana sing njupuk barang-barangmu, aja kok kongkon mbalèkké. 31  ”Uga apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. 32  ”Nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga nresnani wong sing nresnani dhèwèké. 33  Nèk kowé mung tumindak apik marang wong sing uga tumindak apik marang kowé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga tumindak kaya ngono. 34  Uga, nèk kowé ngutangi* wong sing kok pikir isa nyaur utangé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35  Nanging, terusa tresna marang mungsuh-mungsuhmu, tindakna apa sing apik, lan utangana wong tanpa ngarep-arep balesan. Kowé bakal nampa opah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, merga Panjenengané apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa matur nuwun. 36  Terus duduhna welas asih, kaya Bapakmu sing nduduhké welas asih. 37  ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh, supaya kowé ora diadili. Aja nyacad wong liya, supaya kowé ora dicacad. Terusa ngapura,* supaya kowé diapura.* 38  Terusa mènèhi, lan kowé bakal diwènèhi. Wong bakal ngesokké sak takeran kebak ing kanthongmu,* sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr. Merga takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé. 39  Banjur Yésus mènèhi umpama marang wong-wong kuwi, ”Apa wong wuta isa nuntun wong wuta? Loro-loroné mesthi bakal kecemplung kalèn, ta? 40  Murid ora ngungkuli guruné, nanging wong sing diwulang kanthi sampurna bakal dadi padha kaya guruné. 41  Mula, apa sebabé kowé ndelok dami* ing mripaté sedulurmu, nanging ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé? 42  Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ʼKéné tak ilangané dami sing ana ing mripatmu,ʼ padahal kowé dhéwé ora ndelok ana balok kayu ing mripatmu? Wong munafik! Ilangana dhisik balok kayu saka mripatmu, banjur kowé isa ndelok cetha lan ngilangi dami sing ana ing mripaté sedulurmu. 43  ”Wit sing apik ora ngasilké woh sing èlèk, lan wit sing èlèk ora ngasilké woh sing apik. 44  Merga saben wit bakal kétok saka wohé. Contoné, wong ora nglumpukké woh ara saka tanduran eri, utawa methik woh anggur saka suket eri. 45  Wong sing apik ngetokké perkara-perkara apik sing kesimpen ana ing atiné, nanging wong sing jahat ngetokké perkara-perkara jahat sing kesimpen ana ing atiné. Apa sing diucapké saka cangkem kuwi mbludag saka ati. 46  ”Apa sebabé kowé kandha marang aku, ʼGusti! Gusti!ʼ nanging ora nindakké perkara-perkara sing tak omongké? 47  Aku bakal nduduhké marang kowé kaya apa wong sing teka marani aku banjur ngrungokké lan nindakké omonganku: 48  Wong kuwi kaya wong sing mbangun omah nganggo cara nggali lemah nganti jero lan nggawé pondhasi ing ndhuwur watu. Banjur, ana banjir teka lan nerjang omah kuwi, nanging omah kuwi ora hoyag merga dibangun kanthi kuwat. 49  Nanging, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan ora nindakké apa-apa, kuwi kaya wong sing mbangun omah ing ndhuwur lemah tanpa pondhasi. Wektu banjir teka, omah kuwi langsung ambruk lan rusak parah.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”layu”.
Utawa ”jiwa”.
Maksudé, nyilihi tanpa bunga utawa anakan.
Utawa ”mbébaské”.
Utawa ”dibébaské”.
Wong-wong wektu kuwi nggawe kanthong nganggo cara jubahé ditekuk munggah lan dienggo nggawa barang.
Utawa ”jerami; damèn”.