Lukas 17:1-37

  • Nindakké dosa, ngapurani, lan nduwé iman (1-6)

  • Budhak sing tanpa guna (7-10)

  • Sepuluh wong kusta dimarèkké (11-19)

  • Tekané Kratoné Allah (20-37)

    • Kratoné Allah ”ana ing tengah-tengahmu” (21)

    • ”Élinga bojoné Lot” (32)

17  Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bab-bab sing nggawé wong dadi dosa* mesthi bakal teka. Nanging, cilaka tenan wong sing dadi penyebabé.  Luwih becik watu gilingan* dikalungké ing guluné, banjur dhèwèké diuncalké menyang laut, ketimbang nyebabké salah siji saka wong-wong sing kaya bocah cilik iki nindakké dosa.  Padha gatèkna. Nèk sedulurmu nindakké dosa, élikna dhèwèké, lan nèk dhèwèké mertobat, apuranen.  Senajan dhèwèké nindakké dosa marang kowé ping pitu sedina lan dhèwèké uga marani kowé ping pitu kanggo kandha, ʼAku njaluk ngapura,ʼ kowé kudu ngapurani dhèwèké.”  Banjur para rasul kandha marang Gusti, ”Wènèhana aku kabèh luwih akèh iman.”  Banjur Gusti kandha, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon wit murbei ireng* iki, ʼMbedhola lan tumancepa ing laut!ʼ lan wit kuwi bakal manut préntahmu.  ”Saumpama salah siji ing antaramu nduwé budhak sing ngluku ing ladhang utawa njaga ternak, apa kowé bakal kandha marang dhèwèké, ʼCepet mrénéa lan mangana ing méjaʼ wektu dhèwèké bali?  Nanging kowé mesthi kandha, ʼSiapna panganan kanggo tak pangan wengi iki. Nganggoa celemèkmu lan ladènana aku nganti aku rampung mangan lan ngombé. Sakwisé kuwi, kowé lagi éntuk mangan lan ngombé.ʼ  Kowé ora perlu matur nuwun marang budhak kuwi merga kuwi pancèn wis dadi tugasé. 10  Semono uga, wektu kowé wis nindakké kabèh sing ditugaské marang kowé, kandhaa, ʼAku mung budhak sing tanpa guna. Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.ʼ” 11  Wektu lunga menyang Yérusalèm, Yésus ngliwati perbatasan Samaria lan Galiléa. 12  Wektu Yésus mlebu ing sawijiné désa, ana wong lanang cacahé sepuluh sing lara kusta nyawang Yésus saka kadohan. Wong-wong mau padha ngadeg 13  lan mbengok, ”Yésus, Guru, welasana aku kabèh!” 14  Wektu weruh wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Padha lungaa lan duduhna awakmu marang imam.” Wektu isih padha mlaku menyang kana, wong-wong kuwi mari.* 15  Salah siji saka wong-wong kuwi, wektu sadhar nèk wis mari, dhèwèké banjur bali karo ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru. 16  Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan matur nuwun marang Yésus. Dhèwèké kuwi wong Samaria. 17  Yésus kandha, ”Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Nanging sing sanga liyané ana ing ngendi? 18  Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah? Mung wong saka bangsa liya iki sing bali mréné manèh.” 19  Banjur Yésus kandha marang wong kuwi, ”Ngadega lan lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.” 20  Wektu wong-wong Farisi takon marang Yésus kapan Kratoné Allah teka, Yésus njawab, ”Kratoné Allah ora teka nganggo cara sing kétok cetha kanggo kabèh wong. 21  Uga, wong ora bakal kandha, ʼDeloken, kuwi ana ing kéné!ʼ utawa, ʼDeloken, kuwi ana ing kana!ʼ Merga Kratoné Allah ana ing tengah-tengahmu.”* 22  Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bakal tekan wektuné kowé kabèh ngarep-arep kepéngin isa weruh salah siji dina saka dina-dinané Putrané Manungsa, nanging kowé ora bakal weruh kuwi. 23  Wong-wong bakal kandha, ʼDeloken, dhèwèké ing kana!ʼ utawa, ʼDeloken, dhèwèké ing kéné!ʼ Aja lunga utawa ngetutké wong-wong kuwi. 24  Merga padha kaya kilat sing sumunar saka pucuk langit menyang pucuk langit sijiné, semono uga Putrané manungsa ing dinané. 25  Nanging dhèwèké kudu ngalami akèh kasangsaran dhisik lan ditolak karo wong-wong jaman iki.* 26  Sakliyané kuwi, kaya sing kelakon ing jamané Nuh, ya kaya ngono kuwi dina-dinané Putrané manungsa 27  wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera lan Banjir Gedhé teka banjur nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. 28  Semono uga kaya sing kedadéan ing jamané Lot: wong-wong mangan, ngombé, dol-tinuku, nandur, lan mbangun omah. 29  Nanging ing dina pas Lot metu saka Sodom, geni lan belérang mudhun saka langit lan nyirnakké kabèh wong kuwi. 30  Ya kaya ngono sing bakal kelakon ing dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané. 31  ”Ing dina kuwi, wong sing ana ing ndhuwur omah,* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing njero omahé. Semono uga, wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk barang-barangé. 32  Élinga bojoné Lot. 33  Sapa sing ngupaya nylametké nyawané bakal kélangan nyawané,* nanging sapa sing kélangan nyawané bakal tetep urip. 34  Aku kandha marang kowé, ing wengi kuwi, nèk ana wong loro sing turu ing sak ambèn, sing siji bakal digawa, nanging sing liyané bakal ditinggal. 35  Nèk ana wong wadon loro sing lagi nggiling nganggo gilingan sing padha, sing siji bakal digawa, nanging sing sijiné bakal ditinggal.” 36  *⁠—— 37  Mula murid-muridé takon marang Yésus, ”Ing ngendi kuwi bakal kelakon, Gusti?” Yésus njawab, ”Ing ngendi ana mayit, ing kono elang bakal ngrubung.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sing nyebabké kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Wit iki kuwat lan dhuwuré kira-kira 6 m.
Utawa ”ora najis manèh”.
Utawa ”ing antaramu”.
Utawa ”generasi iki”.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.
Utawa ”jiwané”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.