Lukas 14:1-35

  • Wong lanang sing awaké abuh dimarèkké ing dina Sabat (1-6)

  • Dadi tamu sing andhap asor (7-11)

  • Undangen wong sing ora isa mbales (12-14)

  • Umpama bab tamu sing golèk-golèk alesan (15-24)

  • Sing kudu ditindakké kanggo dadi muridé Yésus (25-33)

  • Uyah sing ilang rasa asiné (34, 35)

14  Ing dina Sabat, Yésus lunga menyang omahé sawijiné pemimpin Farisi kanggo maem. Wong-wong ing kono padha tenanan ngematké Yésus.  Ing ngarepé Yésus, ana wong lanang sing nduwé penyakit sing marakké awaké abuh.*  Yésus banjur takon marang para ahli Taurat lan wong-wong Farisi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?”  Nanging wong-wong kuwi meneng waé. Mula Yésus ndemèk wong lanang kuwi, marèkké dhèwèké, lan ngongkon wong lanang kuwi mulih.  Yésus banjur takon marang wong-wong kuwi, ”Nèk ing antaramu, anak utawa sapiné kecemplung sumur pas dina Sabat, mesthi bakal cepet-cepet kok angkat metu saka sumur kuwi, ta?”  Wong-wong kuwi ora isa njawab.  Yésus nggatèkké nèk para tamu ing kono seneng milih panggonan kanggo tamu penting. Mula Yésus nyritakké umpama iki,  ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonan kanggo tamu penting. Mbokmenawa sing nduwé gawé uga ngundang wong sing luwih dihormati ketimbang kowé.  Terus wong sing ngundang kowé bakal marani lan kandha marang kowé, ʼPanggonan iki kanggo dhèwèké.ʼ Banjur kowé kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé karo kisinan. 10  Nanging nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé, supaya wektu wong sing ngundang mau marani kowé, dhèwèké bakal kandha, ʼKancaku, ayo lungguh ing ngarep.ʼ Lan kowé bakal diajèni ing ngarepé kabèh tamu liyané. 11  Saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.” 12  Banjur Yésus kandha marang wong sing ngundang dhèwèké, ”Nèk kowé nggawé acara mangan ing wayah awan utawa bengi, aja ngundang kancamu utawa kakangmu utawa adhimu utawa sedulurmu utawa tanggamu sing sugih, merga isa waé wong-wong kuwi uga bakal ngundang kowé kanggo mbales kowé. 13  Nanging nèk kowé nganakké pésta, undangen wong-wong sing miskin, cacad, pincang, lan wuta. 14  Kowé bakal bungah merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé. Kowé bakal éntuk balesané wektu wong-wong bener diuripké manèh.” 15  Wektu krungu kuwi, sawijiné tamu kandha marang Yésus, ”Bungah wong sing mangan* ing Kratoné Allah.” 16  Yésus kandha marang wong kuwi, ”Ana wong lanang sing nganakké pésta gedhé, lan dhèwèké ngundang akèh wong. 17  Wektu péstané arep diwiwiti, dhèwèké ngongkon budhaké lunga kanggo ngandhani para undangan, ʼAyo padha teka, kabèh wis siap.ʼ 18  Nanging kabèh wong kuwi mulai golèk-golèk alesan. Sing kapisan kandha, ʼAku lagi waé tuku ladhang lan kudu lunga kanggo ndelok ladhang mau. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.ʼ 19  Sing liyané kandha, ʼAku lagi waé tuku sapi limang pasang lan aku arep mrono kanggo ndelok kuwi. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.ʼ 20  Sing liyané manèh kandha, ʼAku ora isa teka, merga aku lagi waé nikah.ʼ 21  Budhak kuwi banjur bali lan nglaporké kabèh marang majikané. Mula, majikané dadi nesu lan kandha marang budhaké, ʼCepet lungaa menyang dalan-dalan utama lan gang-gang ing kutha iki, gawanen mréné wong-wong sing miskin, cacad, wuta, lan pincang.ʼ 22  Wektu wis bali, budhak kuwi kandha, ʼNdara, apa sing panjenengan préntahké wis tak tindakké. Nanging isih ana panggonan sing kosong.ʼ 23  Majikané banjur kandha, ʼLungaa menyang dalan-dalan lan gang-gang ing njaba kutha. Banjur peksanen wong-wong kanggo teka supaya omahku kebak. 24  Aku ngandhani kowé kabèh, para undangan kuwi* ora bakal mangan ing péstaku.ʼ” 25  Wektu akèh wong lagi mlaku bareng Yésus, Yésus minger lan nyawang wong-wong kuwi, banjur kandha, 26  ”Nèk ana wong marani aku lan dhèwèké luwih nresnani* bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, mbakyuné, lan malah luwih nresnani nyawané* dhéwé, wong kuwi ora isa dadi muridku. 27  Sapa waé sing ora mikul cagak paukumané* lan ora mèlu aku, ora isa dadi muridku. 28  Contoné, sapa ing antaramu sing arep mbangun menara ora lungguh dhisik lan ngétung ragadé supaya ngerti apa dhuwité cukup kanggo ngragadi kuwi nganti rampung? 29  Nèk ora ngono, dhèwèké mungkin mung isa mbangun pondhasiné, nanging ora isa ngrampungké, banjur kabèh wong sing weruh bakal padha nggeguyu dhèwèké, 30  karo kandha, ʼWong iki isa mbangun nanging ora isa ngrampungké.ʼ 31  Utawa, raja endi sing arep perang nglawan raja liyané, ora lungguh dhisik lan njaluk naséhat, supaya ngerti apa tentarané sing cacahé 10.000 isa nglawan raja sing nduwé tentara sing cacahé 20.000? 32  Nèk jebulé ora isa, dhèwèké bakal ngirim sakelompok utusan kanggo njaluk damai wektu mungsuhé kuwi isih adoh. 33  Semono uga, élinga, kowé ora isa dadi muridku nèk kowé ora ninggalké kabèh bandhamu. 34  ”Uyah pancèn apik. Nanging nèk uyah wis ora asin, nganggo apa kuwi isa diasinké manèh? 35  Kuwi wis ora cocog kanggo lemah utawa kanggo pupuk. Wong bakal mbuwang kuwi. Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”edema”, penyakit merga kakèhan cairan ing awaké.
Lit.: ”mangan roti”.
Maksudé, wong-wong sing sepisanan diundang.
Lit.: ”ora sengit”. Tembung ”sengit” ing kéné tegesé tresnané kurang.
Utawa ”jiwané”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.