Kisah 9:1-43

  • Saul ing perjalanan menyang Damaskus (1-9)

  • Ananias diutus kanggo mbantu Saul (10-19a)

  • Saul martakké bab Yésus ing Damaskus (19b-25)

  • Saul mara ing Yérusalèm (26-31)

  • Pétrus marèkké Énéas (32-35)

  • Dorkas sing loma diuripké manèh (36-43)

9  Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad kanggo matèni wong-wong kuwi. Dhèwèké lunga marani imam agung  lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus, supaya wektu dhèwèké nemokké wong lanang lan wong wadon sing dadi pengikuté Dalané Gusti,* dhèwèké isa nangkep* lan nggawa wong-wong kuwi menyang Yérusalèm.  Wektu Saul isih ana ing dalan lan wis cedhak Damaskus, ujug-ujug ana cahya saka langit sing sumunar ing sakiwa-tengené Saul.  Banjur Saul tiba ing lemah lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?”  Saul njawab, ”Panjenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus, sing kok aniaya.  Ngadega lan mlebua menyang kutha. Kowé bakal dikandhani apa sing kudu kok tindakké.”  Wong-wong sing lunga bareng Saul mung ngadeg lan ora isa ngomong apa-apa. Wong-wong kuwi krungu swara, nanging ora ndelok apa-apa.  Saul banjur ngadeg, lan dhèwèké ora isa ndelok apa-apa senajan mripaté melèk. Mula, dhèwèké dituntun lan digawa menyang Damaskus.  Saksuwéné telung dina, dhèwèké ora isa ndelok lan ora mangan utawa ngombé. 10  Ing Damaskus, ana murid sing jenengé Ananias, lan Gusti ngétok marang Ananias liwat wahyu lan kandha, ”Ananias!” Dhèwèké njawab, ”Ya, Gusti.” 11  Gusti kandha, ”Ngadega, lungaa menyang omahé Yudas ing Dalan Lurus, lan golèkana wong lanang sing jenengé Saul, wong Tarsus. Saiki dhèwèké lagi ndonga. 12  Dhèwèké éntuk wahyu lan weruh wong lanang sing jenengé Ananias teka lan ndemèk dhèwèké supaya dhèwèké isa ndelok manèh.” 13  Nanging Ananias njawab, ”Gusti, aku wis krungu bab wong iki saka akèh wong, bab kejahatané marang murid-muridmu ing Yérusalèm. 14  Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep* kabèh wong sing percaya marang* jenengé panjenengan.” 15  Nanging Gusti kandha, ”Mangkata waé, merga aku wis milih dhèwèké kanggo nggawa jenengku marang bangsa-bangsa liya, uga marang raja-raja lan wong-wong Israèl. 16  Aku bakal nduduhké marang dhèwèké kanthi cetha bab akèhé kasangsaran sing kudu dhèwèké alami merga jenengku.” 17  Mula Ananias lunga lan mlebu ing omah kuwi, banjur numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus, sing nemoni kowé wektu ing dalan, ngutus aku supaya kowé isa ndelok manèh lan kapenuhan roh suci.” 18  Ing wektu kuwi uga, ana sing bentuké kaya sisik tiba saka mripaté, lan dhèwèké isa ndelok manèh. Banjur, Saul ngadeg lan dibaptis, 19  terus dhèwèké mangan lan nduwé tenaga manèh. Saul manggon pirang-pirang dina bareng karo murid-murid ing Damaskus, 20  lan ing sinagogé-sinagogé dhèwèké langsung martakké nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. 21  Nanging kabèh wong sing ngrungokké padha nggumun lan kandha, ”Iki kan wong sing nganiaya wong-wong Yérusalèm sing dadi murid-muridé Yésus,* ta? Wong iki kan teka mréné tujuané kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi* marang imam kepala, ta?” 22  Nanging Saul saya trampil lan mbuktèkké nganggo cara sing masuk akal nèk Yésus kuwi Kristus, mula wong-wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah. 23  Suwé sakwisé kuwi, wong-wong Yahudi nggawé rencana kanggo matèni Saul. 24  Nanging, Saul ngerti rencanané wong-wong kuwi. Awan lan bengi, wong-wong kuwi uga njaga gerbang-gerbang kutha kanthi tenanan supaya isa matèni Saul. 25  Mula ing wayah wengi, murid-muridé Saul ngedhunké Saul ing kranjang gedhé liwat bolongan ing témbok kutha. 26  Sakwisé tekan ing Yérusalèm, Saul ngupaya nggabung karo murid-murid, nanging murid-murid padha wedi marang dhèwèké, merga padha ora percaya nèk dhèwèké wis dadi muridé Yésus. 27  Mula, Barnabas mbantu lan nggawa Saul marang para rasul, banjur nyritakké marang para rasul kanthi rinci bab piyé Saul ndelok Gusti wektu ing dalan, lan apa sing Gusti omongké marang dhèwèké, lan piyé Saul kanthi kendel martakké bab jenengé Yésus ing Damaskus. 28  Merga kuwi, Saul tetep manggon bareng para rasul. Dhèwèké bébas lunga menyang ngendi waé ing Yérusalèm, karo martakké jenengé Gusti kanthi kendel. 29  Saul ngomong lan bebantahan karo wong-wong Yahudi sing basané Yunani, nanging wong-wong kuwi ngupaya matèni dhèwèké. 30  Wektu padha ngerti iki, para sedulur nggawa dhèwèké menyang Kaisaréa lan ngirim dhèwèké menyang Tarsus. 31  Banjur jemaat ing kabèh dhaérah ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria ngrasakké katentreman lan dadi kuwat. Jumlahé murid-murid mundhak saya akèh merga padha nduduhké rasa wedi marang Yéhuwah lan uripé manut karo panglipuran sing diwènèhké roh suci. 32  Wektu Pétrus njlajahi kabèh wilayah kuwi, dhèwèké uga marani wong-wong suci sing manggon ing Lida. 33  Ing kana, dhèwèké ketemu karo wong lanang lumpuh jenengé Énéas, sing wis wolung taun ora isa tangi saka ambèné. 34  Pétrus kandha, ”Énéas, Yésus Kristus marèkké kowé. Tangia lan tatanen ambènmu.” Banjur dhèwèké langsung tangi. 35  Wektu kabèh penduduk Lida lan Dataran Syaron ndelok dhèwèké, wong-wong kuwi dadi muridé Gusti. 36  Ing Yopa, ana murid jenengé Tabita, nèk diterjemahké tegesé ”Dorkas”.* Dhèwèké seneng tumindak apik lan mènèhi sedhekah. 37  Nanging wektu kuwi, dhèwèké lara banjur mati. Mula mayité diadusi lan didèlèhké ing kamar ndhuwur. 38  Merga Lida cedhak karo Yopa, mula wektu murid-murid krungu nèk Pétrus ana ing Lida, murid-murid ngutus wong lanang loro kanggo kandha marang Pétrus, ”Tulung mrénéa cepet.” 39  Pétrus banjur ngadeg lan lunga bareng wong loro kuwi. Wektu tekan kono, Pétrus digawa menyang kamar ndhuwur, lan kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah* lan klambi liyané sing digawé Dorkas wektu isih urip. 40  Banjur Pétrus ngongkon wong-wong metu, terus dhèwèké jèngkèng lan ndonga. Sakwisé kuwi, dhèwèké madhep ing mayit kuwi lan kandha, ”Tabita, tangia!” Wong wadon kuwi banjur melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wadon kuwi lungguh. 41  Pétrus nyekel tangané lan mbantu Dorkas ngadeg, banjur nyeluk para wong suci lan randha-randha ing kono, lan nduduhké marang wong-wong kuwi nèk Dorkas wis urip. 42  Kedadéan kuwi dingertèni ing kabèh dhaérah Yopa, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti. 43  Pétrus manggon ing Yopa nganti pirang-pirang dina, bareng karo tukang nggawé bahan saka kulit* sing jenengé Simon.

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.
Utawa ”mbanda”.
Lit.: ”mbanda”.
Lit.: ”nyebut”.
Lit.: ”sing nyebut jeneng kuwi”.
Lit.: ”nggawa wong-wong kuwi kanthi dibanda”.
Ing basa Yunani jenengé Dorkas, lan ing basa Aram jenengé Tabita, loro-loroné tegesé ”Kidang”.
Utawa ”klambi njaba”.
Utawa ”tukang nyamak kulit”.