Kisah 23:1-35

  • Paulus ngomong ing ngarepé Sanhèdrin (1-10)

  • Paulus dikuwatké karo Gusti (11)

  • Rencana kanggo matèni Paulus (12-22)

  • Paulus digawa menyang Kaisaréa (23-35)

23  Karo mandeng para anggota Sanhèdrin,* Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, nganti dina iki, aku wis tumindak nganggo hati nurani sing bener-bener resik ing ngarsané Gusti Allah.”  Wektu krungu kuwi, Imam Agung Ananias ngongkon wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kanggo napuk tutuké Paulus.  Banjur Paulus kandha, ”Gusti Allah bakal nggebug kowé, hé, wong sing kaya témbok dilabur putih.* Apa kowé lungguh kanggo ngadili aku miturut hukum Taurat, lan ing wektu sing padha kowé nglanggar hukum kuwi nganggo cara ngongkon supaya aku ditapuk?”  Wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kandha, ”Apa kowé ora ngajèni imam agungé Gusti Allah?”  Paulus banjur kandha, ”Sedulur-sedulur, aku ora ngerti nèk dhèwèké kuwi imam agung. Merga Kitab Suci kandha, ’Aja ngrèmèhké pemimpiné bangsamu.’”  Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi, keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh.”  Merga Paulus ngomong kaya ngono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki dadi padu, lan wong-wong kuwi banjur pecah dadi rong golongan.  Wong-wong Saduki kandha nèk wong mati ora isa diuripké manèh, ora ana malaékat, utawa makhluk roh, padahal wong-wong Farisi percaya kuwi kabèh.*  Mula banjur ana gègèran sing gedhé, lan sapérangan ahli Taurat saka sèkte Farisi padha ngadeg lan mulai ngomong kanthi kasar, ”Aku kabèh babar blas ora nemokké salahé wong iki. Mbokmenawa ana makhluk roh utawa malaékat sing ngomong marang dhèwèké.” 10  Merga gègèran kuwi saya gedhé, komandan militèr dadi wedi nèk wong-wong kuwi matèni Paulus. Mula dhèwèké mréntahké para prajurité mudhun lan nggèrèd Paulus saka tengah-tengahé wong-wong kuwi lan nggawa dhèwèké menyang markas prajurit. 11  Nanging ing wengi sakbanjuré, Gusti teka marani Paulus lan kandha, ”Tetepa kendel! Kowé kudu mènèhi kesaksian ing Roma, kaya kowé wis mènèhi kesaksian kanthi tliti bab aku ing Yérusalèm.” 12  Ésuké, wong-wong Yahudi padha nggawé rencana jahat lan padha sumpah nèk ora bakal mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi isa matèni Paulus. 13  Ana luwih saka 40 wong sing wis padha nggawé sumpah kaya ngono. 14  Wong-wong kuwi lunga marang para imam kepala lan para pemimpin, banjur kandha, ”Aku kabèh wis tenanan sumpah nèk ora bakal mangan apa-apa nganti isa matèni Paulus. 15  Mula saiki, panjenengan kabèh lan para anggota Sanhèdrin kudu ngandhani komandan militèr nèk dhèwèké kudu nggawa Paulus marang panjenengan kabèh, éthok-éthoké panjenengan arep mriksa kasusé luwih tliti. Nanging, mengko sakdurungé Paulus tekan, aku kabèh wis siap matèni dhèwèké.” 16  Nanging, ponakané lanang Paulus krungu bab rencana serangan kuwi, lan dhèwèké mlebu menyang markasé prajurit lan nglaporké kuwi marang Paulus. 17  Banjur Paulus nyeluk salah siji perwira lan kandha, ”Gawanen cah enom iki marang komandan militèr, merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 18  Mula perwira kuwi nggawa cah lanang enom kuwi marang komandan militèr, lan kandha, ”Tahanan sing jenengé Paulus nyeluk lan ngongkon aku kanggo nggawa cah enom iki marang panjenengan, merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 19  Komandan militèr kuwi banjur nyekel tangané cah enom mau lan cah enom mau dijak rada ngedoh. Dhèwèké takon, ”Apa sing arep kok laporké?” 20  Cah enom mau kandha, ”Wong-wong Yahudi wis padha setuju kanggo njaluk supaya sésuk panjenengan nggawa Paulus menyang ngarepé Sanhèdrin. Wong-wong kuwi éthok-éthok péngin ngerti luwih akèh bab kasusé. 21  Nanging panjenengan aja gelem diojok-ojoki, merga ana luwih saka 40 wong wis ngentèni kanggo nyerang Paulus, lan wong-wong kuwi wis padha sumpah ora arep mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi matèni Paulus. Saiki wong-wong kuwi wis padha siap lan lagi ngentèni ijin saka panjenengan.” 22  Banjur komandan militèr kuwi ngongkon cah enom mau lunga sakwisé mènèhi préntah, ”Aja kandha sapa-sapa nèk kowé wis nglaporké bab iki marang aku.” 23  Komandan militèr kuwi banjur nyeluk perwira loro lan kandha, ”Siapna 200 prajurit kanggo lunga menyang Kaisaréa, uga 70 prajurit sing nunggang jaran lan 200 prajurit sing nggawa tombak, ing jam sanga* wengi iki. 24  Uga, sedhiakna jaran-jaran kanggo Paulus, kanggo ngeterké dhèwèké kanthi slamet marang Gubernur Fèliks.” 25  Banjur, komandan militèr kuwi nulis surat sing isiné, 26  ”Saka Klaudius Lisias, marang Gubernur Fèliks sing tak hormati: Salam! 27  Wong iki ditangkep wong-wong Yahudi lan arep dipatèni, nanging aku lan para prajuritku cepet-cepet teka lan nylametké dhèwèké, merga aku ngerti nèk dhèwèké kuwi wong Romawi. 28  Lan supaya ngerti apa tudhuhané wong-wong kuwi marang dhèwèké, aku nggawa dhèwèké ing ngarepé Sanhèdrin. 29  Aku ndelok kayané tudhuhané wong-wong kuwi ana hubungané karo hukum Tauraté wong-wong kuwi, nanging dhèwèké blas ora nglakoni apa-apa sing marakké dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara. 30  Nanging merga aku dikandhani bab rencana jahat marang wong iki, aku langsung ngirim wong iki marang panjenengan, lan ngongkon wong-wong sing nudhuh dhèwèké ngomongké tudhuhané ing ngarepé panjenengan.” 31  Mula para prajurit kuwi nggawa Paulus, kaya sing dipréntahké mau, lan nggawa dhèwèké menyang kutha Antipatris ing wengi kuwi. 32  Ing dina sakbanjuré, para prajurit sing nunggang jaran neruské perjalanané bareng karo Paulus, nanging para prajurit liyané bali menyang markas. 33  Para prajurit sing nunggang jaran mlebu menyang Kaisaréa lan ngeterké surat kuwi marang gubernur, lan masrahké Paulus marang dhèwèké. 34  Gubernur kuwi banjur maca surat mau lan takon asalé Paulus saka provinsi ngendi. Dhèwèké akiré ngerti nèk Paulus saka Kilikia. 35  ”Aku bakal tenanan ngrungokké kasusmu,” kandhané gubernur kuwi, ”sakwisé wong-wong sing nudhuh kowé teka.” Banjur dhèwèké ngongkon supaya Paulus ditahan ing istanané Hérodès.

Katrangan Tambahan

Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing munafik”.
Utawa ”martakké kuwi kabèh marang wong-wong”.
Lit.: ”jam katelu”.