Kisah 21:1-40

  • Perjalanan menyang Yérusalèm (1-14)

  • Tekan ing Yérusalèm (15-19)

  • Paulus manut karo naséhaté para pinituwa (20-26)

  • Gègèran ing bait; Paulus ditangkep (27-36)

  • Paulus diijinké ngomong marang wong-wong (37-40)

21  Aku kabèh akiré ninggalké para sedulur kuwi kanthi rasa sedhih banget, sakwisé kuwi banjur numpak kapal langsung menyang Kos. Lan ing dina sakbanjuré menyang Rodès, lan saka kono banjur menyang Patara.  Wektu ngerti ana kapal sing arep nyabrang menyang Fénisia, aku kabèh banjur numpak kapal kuwi lan mangkat.  Sakwisé kuwi, ing sisih kiwa kétok Pulau Siprus, nanging aku kabèh mung ngliwati waé. Kapalé terus mlaku menyang Siria lan mandheg ing Tirus, yaiku ing panggonan kapal kuwi arep ngedhunké barang.  Aku kabèh nggolèki murid-murid lan akiré ketemu, banjur manggon ing kana suwéné pitung dina. Nanging liwat tuntunan roh suci, para murid bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm.  Banjur sakwisé tekan wektuné, aku kabèh mangkat lan neruské perjalanan, nanging murid-murid kuwi, bareng karo wong-wong wadon lan bocah-bocah, padha ngeterké aku kabèh nganti tekan njaba kutha. Lan karo jèngkèng ing pantai, aku kabèh ndonga  banjur padha pamitan. Sakwisé kuwi, aku kabèh munggah menyang kapal lan wong-wong kuwi padha mulih.  Aku kabèh numpak kapal ninggalké Tirus lan tekan ing Ptolémais. Ing kono, aku kabèh ngucapké salam marang sedulur-sedulur lan manggon bareng karo sedulur-sedulur kuwi suwéné sedina.  Ing dina sakbanjuré, aku kabèh mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku kabèh mlebu ing omahé penginjil sing jenengé Filipus, yaiku salah siji saka antarané wong pitu kuwi,* lan aku kabèh manggon karo dhèwèké.  Filipus nduwé anak wadon papat sing isih prawan, sing isa mènèhi ramalan. 10  Sakwisé aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina, ana nabi sing jenengé Agabus teka saka Yudéa. 11  Dhèwèké marani aku kabèh lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau dienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé, banjur dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm, lan dhèwèké bakal diserahké marang tangané wong-wong saka bangsa liya.’” 12  Wektu krungu kuwi, aku kabèh lan wong-wong sing ana ing kono padha njaluk kanthi tenanan marang Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. 13  Paulus banjur njawab, ”Ngapa kowé padha nangis lan ngupaya nggawé susah atiku?* Percayaa, aku wis siap ora mung kanggo ditalèni, nanging uga kanggo mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.” 14  Nanging merga Paulus ora isa dipenggak, mula aku kabèh ora meksa dhèwèké manèh, banjur aku kabèh kandha, ”Muga-muga kersané Yéhuwah kelakon.” 15  Sakwisé pirang-pirang dina ana ing kana, aku kabèh siap-siap kanggo neruské perjalanan lan mangkat menyang Yérusalèm. 16  Ana murid-murid saka Kaisaréa sing uga mèlu, lan ngeterké aku kabèh marang Mnason sing asalé saka Siprus, sing wis suwé dadi murid. Aku kabèh arep nginep ing omahé. 17  Wektu aku kabèh tekan ing Yérusalèm, sedulur-sedulur nampa aku kabèh kanthi bungah. 18  Ing dina sakbanjuré, Paulus lunga bareng aku kabèh nemoni Yakobus, lan kabèh pinituwa ana ing kana. 19  Lan sakwisé ngucapké salam marang para sedulur kuwi, Paulus ngandhani kabèh sedulur kuwi kanthi rinci bab perkara-perkara sing wis ditindakké Gusti Allah liwat gawéan nginjilé. 20  Wektu krungu kuwi, para sedulur mulai ngluhurké Gusti Allah lan kandha marang Paulus, ”Sedulurku, coba deloken, ana éwonan wong Yahudi sing dadi percaya, lan kabèh padha semangat nindakké hukum Taurat. 21  Nanging wong-wong kuwi padha krungu kabar, nèk kowé mulang kabèh wong Yahudi ing antarané bangsa-bangsa supaya ninggalké Hukum Musa. Kowé nglarang wong-wong kuwi nyunat anak-anaké utawa nglarang nindakké tradhisiné wong Yahudi. 22  Terus, apa sing kudu kita tindakké? Wong-wong kuwi mesthi bakal krungu nèk kowé wis tekan kéné. 23  Mula tindakna apa sing tak omongké iki: Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. 24  Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé, lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi, lan bayarana kabèh ragad sing ditokké wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Banjur kabèh wong bakal ngerti nèk kabar bab kowé kuwi ora bener, merga tumindakmu apik lan kowé nindakké hukum Taurat. 25  Kanggo kabèh wong saka bangsa liya sing dadi percaya, awaké dhéwé wis ngirim surat bab keputusané awaké dhéwé, yaiku nèk wong-wong kuwi kudu nyingkir saka perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka hubungan sèks sing ora sah.”* 26  Mula ing dina sakbanjuré, Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi. Paulus banjur mlebu menyang bait kanggo ngandhani kapan upacara nyucèkké badan sing suwéné pitung dina kuwi bakal rampung, supaya ing dina kuwi imam isa mènèhké kurban kanggo saben wong kuwi. 27  Wektu pitung dina upacara kuwi wis arep rampung, wong-wong Yahudi saka Provinsi Asia weruh Paulus ana ing bait. Wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong akèh lan nangkep Paulus. 28  Wong-wong kuwi padha mbengok, ”Wong-wong Israèl, éwangana aku! Iki wong sing wis mulang saben wong ing ngendi-endi kanggo nglawan bangsa kita lan hukum Taurat kita, lan panggonan suci iki. Malah dhèwèké nggawa wong Yunani mlebu ing bait lan nggawé najis panggonan suci iki.” 29  Wong-wong kuwi kandha kaya ngono merga tau ndelok Trofimus wong Éfésus mlaku karo Paulus ing kutha, lan ngira nèk Paulus nggawa Trofimus menyang njero bait. 30  Wong-wong sak kutha dadi gègèr, banjur padha gumrudug menyang bait lan nangkep Paulus. Wong-wong kuwi nyèrèd Paulus metu saka bait lan langsung nutup lawang-lawangé. 31  Wektu wong-wong kuwi padha ngupaya matèni Paulus, salah siji komandan militèr éntuk laporan nèk wong-wong sak Yérusalèm padha gègèr, 32  mula dhèwèké cepet-cepet nggawa para prajurité lan para perwirané lan mlayu mrana. Wektu weruh komandan militèr lan para prajurit kuwi, wong-wong kuwi mandheg nggebugi Paulus. 33  Banjur komandan kuwi mara nyedhak lan ngongkon supaya Paulus ditangkep lan dibanda* nganggo ranté loro. Banjur dhèwèké takon karo wong-wong sing ana ing kono sapa sakjané wong kuwi lan apa sing wis ditindakké wong kuwi. 34  Nanging ana wong-wong sing mbengok ngéné, lan wong liyané mbengok ngono. Merga kahanané kisruh banget, komandan kuwi ora isa ngerti sing saktenané. Mula dhèwèké ngongkon supaya Paulus digawa menyang markas prajurit. 35  Nanging wektu lagi tekan undhak-undhakan, Paulus kudu dicekeli karo para prajurit merga wong akèh padha péngin nggebugi Paulus. 36  Wong-wong terus ngetutké karo mbengok-mbengok, ”Patènana wong kuwi!” 37  Wektu arep digawa mlebu menyang markas prajurit, Paulus kandha marang komandan militèr kuwi, ”Apa aku olèh ngomong marang panjenengan?” Komandan militèr kuwi kandha, ”Kowé kok isa basa Yunani? 38  Kowé kan wong Mesir sing durung suwé iki ngojok-ojoki wong kanggo mbrontak lan mimpin 4.000 wong sing nggawa senjata* lunga menyang padhang belantara?” 39  Banjur Paulus njawab, ”Aku iki sakjané wong Yahudi, saka kutha Tarsus ing Kilikia, warga saka kutha sing penting. Mula aku njaluk marang panjenengan supaya ngijinké aku ngomong marang wong-wong kuwi.” 40  Sakwisé diijinké, Paulus ngadeg ing undhak-undhakan lan mènèhi tandha nganggo tangané supaya wong-wong kuwi padha meneng. Sakwisé kabèh wong kuwi padha meneng, Paulus ngomong marang wong-wong kuwi nganggo basa Ibrani. Dhèwèké kandha,

Katrangan Tambahan

Filipus kuwi salah siji saka antarané wong pitu sing dipilih para rasul ing Yérusalèm. Deloken Kisah 6:3.
Utawa ”nggawé atiku semplah”.
Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ditalèni tangané”.
Utawa ”wong sing nggawa belati”.