Ibrani 9:1-28

  • Tugas suci ing panggonan suci ing bumi (1-10)

  • Kristus mlebu ing swarga nganggo getihé (11-28)

    • Perantara kanggo sawijiné perjanjian anyar (15)

9  Perjanjian sing ndhisik kuwi nduwé hukum-hukum kanggo nindakké tugas suci lan nduwé kémah ing bumi kanggo ngibadah marang Gusti Allah.  Kémah kuwi dibangun dadi rong ruangan. Ing ruang kapisan ana wadhah lampu, méja, lan roti persembahan. Ruang kuwi disebut ”Papan Suci”.  Nanging ing mburiné geber* sing kapindho ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Papan Mahasuci”.  Ing kana, ana wadhah dupa sing digawé saka emas lan pethi perjanjian sing dilapisi emas kabèh. Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna, tongkaté Harun sing tau metu tunasé, lan lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné hukumé Gusti Allah.*  Ing ndhuwuré pethi kuwi ana kerub-kerub sing mulya sing bayang-bayangé nutupi tutup pethi* kuwi. Nanging saiki dudu wektuné kanggo ngrembug bab iki kanthi rinci.  Sakwisé kabèh disiapké kaya ngono kuwi, para imam kanthi ajeg mlebu menyang ruang kapisan ing kémah kuwi kanggo nindakké tugas suci,  nanging mung imam agung sing éntuk mlebu menyang ruang kapindho kuwi setaun pisan, lan dhèwèké kudu nggawa getih, sing dipersembahké kanggo dhèwèké dhéwé banjur kanggo dosa-dosa sing ditindakké bangsa kuwi tanpa sengaja.  Dadi roh suci nduduhké kanthi cetha nèk saksuwéné kémah sing kapisan kuwi isih ngadeg, dalan menyang Papan Mahasuci isih durung kebukak.  Kémah kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki, lan miturut pengaturan iki, ana persembahan lan kurban sing diwènèhké. Nanging, bab-bab kuwi ora isa nggawé hati nuraniné wong sing nindakké tugas suci dadi sampurna. 10  Bab-bab kuwi kaitané mung karo panganan, ombèn-ombèn, lan kabèh upacara nyucèkké badan. Kuwi mung hukum-hukum bab perkara-perkara ing donya* lan kuwi ditindakké nganti wektu sing ditemtokké kanggo mbenerké sakabèhé. 11  Nanging, wektu Kristus teka dadi imam agung kanggo nggawa bab-bab apik sing saiki wis kita rasakké, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih penting lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora didegké ing bumi. 12  Dhèwèké mlebu menyang Papan Mahasuci ora nganggo getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom, nanging nganggo getihé dhéwé, sepisan kanggo saklawasé, lan mbébaské* kita kanggo saklawas-lawasé. 13  Nèk getihé wedhus lan getihé sapi lanang enom, uga awuné sapi sing durung tau manak sing disawurké ing ndhuwuré wong-wong sing najis waé isa nggawé badan dadi suci, 14  apa manèh getihé Kristus! Liwat roh suci sing langgeng, Kristus wis mènèhké badané dadi persembahan marang Gusti Allah lan dadi kurban sing tanpa cacad. Getihé bakal ngresiki hati nurani kita saka tumindak-tumindak sing tanpa guna, supaya kita isa nindakké tugas suci marang Gusti Allah sing urip. 15  Kuwi sebabé, dhèwèké dadi perantara kanggo sawijiné perjanjian anyar. Dhèwèké dadi perantara kuwi supaya wong-wong sing wis dipilih isa nampa janji warisan sing langgeng. Kuwi kabèh isa kelakon merga dhèwèké wis mati kanggo nebus wong-wong, lan mbébaské wong-wong kuwi saka pelanggaran sing ditindakké wektu isih ana ing perjanjian sakdurungé. 16  Nèk ana perjanjian, manungsa sing nggawé perjanjian* kuwi perlu mati, 17  merga perjanjian kuwi dadi sah nèk ana pati. Kuwi ora bakal kanggo, nèk manungsa sing nggawé perjanjian* kuwi isih urip. 18  Kuwi sebabé perjanjian sakdurungé ora isa dadi sah, nèk ora nganggo getih. 19  Sakwisé Musa ngomongké saben préntah sing ana ing hukum Taurat marang kabèh bangsa kuwi, Musa njupuk getihé sapi lanang enom lan getihé wedhus, nganggo banyu, wol abang, lan tanduran hisop, banjur nyipratké menyang kitab* kuwi lan kabèh bangsa kuwi, 20  karo kandha, ”Iki getih kanggo perjanjian sing dipréntahké Gusti Allah kanggo kok lakoni.” 21  Dhèwèké uga nyipratké getih kuwi menyang kémah lan kabèh wadhah sing digunakké kanggo nindakké tugas suci. 22  Miturut hukum Taurat, mèh kabèh perkara disucèkké nganggo getih, lan nèk getih ora diecurké, ora ana pangapura dosa. 23  Mula, kabèh sing dadi gambarané perkara-perkara ing swarga perlu disucèkké nganggo getihé kéwan sing dikurbanké, nanging perkara-perkara ing swarga kuwi dhéwé mbutuhké kurban sing luwih apik ketimbang kurban kéwan. 24  Kristus ora mlebu menyang Papan Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa, sing uga tiruan saka sing asliné, nanging dhèwèké mlebu menyang swarga kuwi dhéwé, mula saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi kita. 25  Tujuané dudu kanggo mènèhké badané dadi persembahan ping bola-bali, kaya imam agung sing saben taun mlebu ing Papan Mahasuci nganggo getih sing dudu getihé dhéwé. 26  Nèk kaya ngono, dhèwèké kudu ping bola-bali sengsara saka wiwitané donya.* Nanging saiki, ing pungkasané jaman* iki, dhèwèké wis teka ing donya, sepisan kanggo saklawasé, demi mbusak dosa kanthi cara ngurbanké uripé. 27  Lan kaya manungsa sing mati sepisan kanggo saklawasé, nanging sakwisé kuwi diadili, 28  semono uga, Kristus dikurbanké sepisan kanggo saklawasé demi nanggung dosané akèh wong. Lan mengko, wektu dhèwèké teka kanggo sing kaping pindhoné, dhèwèké ora teka kanggo mbusak dosa, nanging kanggo nylametké wong-wong sing tenanan nggolèki dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Utawa ”tirai”.
Lit.: ”lèmpèngan-lèmpèngan perjanjian”.
Utawa ”nutupi panggonan kanggo ngrukunké”.
Lit.: ”daging”.
Lit.: ”nebus”.
Utawa ”sing dadi perantara wektu nggawé perjanjian”.
Utawa ”sing dadi perantara wektu nggawé perjanjian”.
Utawa ”gulungan”.
Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.
Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.