Ibrani 7:1-28

  • Mèlkhisèdèk, raja lan imam sing béda karo liyané (1-10)

  • Kristus, imam sing luwih unggul (11-28)

    • Kristus bener-bener sanggup nylametké (25)

7  Mèlkhisèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah Sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Mèlkhisèdèk banjur mberkahi Abraham,  lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhisèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja Kaadilan”, lan uga raja Salèm, sing artiné ”Raja Katentreman”.  Sapa bapaké lan sapa ibuné ora dingertèni, ora ana katrangan bab silsilahé, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Nanging dhèwèké wis digawé kaya Putrané Gusti Allah, mula dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawas-lawasé.  Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, bapak leluhur* kita, mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka jarahan sing paling apik.  Pancèn nèk miturut hukum Taurat, keturunané Lèwi sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké persepuluhan saka bangsa kuwi, yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham.  Nanging wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa persepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham, yaiku wong sing éntuk janji-janjiné Gusti Allah.  Kabèh wong mesthi padha setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul ketimbang wong sing diberkahi.  Keturunan Lèwi sing nampa persepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, nanging ana kesaksian nèk wong sing kaya Mèlkhisèdèk sing nampa persepuluhan kuwi tetep urip.  Malah Lèwi dhéwé, sing nampa persepuluhan kuwi, wis mbayar persepuluhan liwat Abraham 10  merga dhèwèké keturunané, sing durung lair wektu leluhuré kuwi ketemu Mèlkhisèdèk. 11  Pengaturan kaimaman saka keturunané Lèwi kuwi bagéan saka hukum Taurat sing diwènèhké marang bangsa Israèl. Nèk imam-imam saka keturunan Lèwi isa mènèhi kasampurnan, apa kita isih butuh imam sing kaya Mèlkhisèdèk? Apa ora wis cukup nduwé imam sing kaya Harun? 12  Merga pengaturan bab kaimaman diganti, mula hukum Taurat ya perlu diganti. 13  Wong sing dimaksudké iki asalé saka suku liya, lan ora ana siji-sijia wong saka suku kuwi sing tau nindakké tugas ing mésbah. 14  Cetha tenan nèk Gusti kita asalé saka suku Yéhuda, nanging Musa ora tau kandha nèk bakal ana imam saka suku kuwi. 15  Lan iki saya cetha manèh wektu ana imam liya sing kaya Mèlkhisèdèk. 16  Dhèwèké nglayani dadi imam, ora merga asalé saka sawijiné suku sing diwajibké karo hukum Taurat, nanging merga dhèwèké nduwé kuwasa sing isa nggawé uripé ora isa disirnakké. 17  Ana kesaksian bab dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.” 18  Mula, peraturan sing sakdurungé iki wis dibusak merga peraturan kuwi ora nduwé kekuwatan lan ora maédahi. 19  Hukum Taurat ora isa nggawé apa waé dadi sampurna, nanging pangarep-arep sing luwih apik sing diduduhké dhisik marang kita, kuwi isa nggawé apa waé dadi sampurna. Liwat pangarep-arep iki, kita nyedhak marang Gusti Allah. 20  Sebab Gusti Allah ngucapké sumpah wektu nglantik Yésus dadi imam 21  (merga pancèn ana sing dadi imam tanpa sawijiné sumpah sing diucapké bab wong-wong kuwi, nanging wong iki dadi imam nganggo sumpah sing diucapké Gusti Allah bab dhèwèké, yaiku, ”Yéhuwah wis ngucapké sumpah lan Panjenengané ora bakal getun,* ’Kowé iki imam kanggo saklawas-lawasé’”), 22  mula Yésus dadi jaminan kanggo sawijiné perjanjian sing luwih apik. 23  Sakliyané kuwi, para imam ora isa neruské tugasé merga mati, lan akiré wong liya sing kudu nggantèni para imam kuwi lan neruské tugasé. 24  Nanging merga Yésus terus urip saklawas-lawasé, tugasé dadi imam ora bakal digantèni karo wong liya. 25  Kuwi sebabé, dhèwèké bener-bener sanggup nylametké wong-wong sing nyedhak marang Gusti Allah liwat dhèwèké, merga dhèwèké terus urip lan isa nyuwun kanggo wong-wong kuwi. 26  Kita pancèn butuh imam agung sing kaya ngono kuwi, yaiku imam sing setya, ora salah, ora najis, kepisah saka wong-wong dosa, lan diunggulké ing ndhuwur langit. 27  Ora kaya imam agung liyané, dhèwèké ora perlu mènèhi kurban saben dina, sing kapisan kanggo dosané dhéwé, banjur kanggo dosané bangsané, merga dhèwèké wis nindakké kuwi sepisan kanggo saklawasé wektu ngurbanké uripé. 28  Wong sing dilantik dadi imam agung miturut hukum Taurat kuwi nduwé kelemahan, nanging sing dilantik miturut sumpah sing diwènèhké sakwisé hukum Taurat, kuwi Putrané Gusti Allah, sing wis didadèkké sampurna kanggo saklawasé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kepala keluarga”.
Utawa ”ora bakal ngowahi pikirané”.