Ibrani 4:1-16

  • Aja nganti ora mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah (1-10)

  • Naséhat kanggo mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah (11-13)

    • Pangandikané Gusti Allah kuwi urip (12)

  • Yésus, imam agung sing mulya (14-16)

4  Mula, merga janji kanggo mlebu ing dina istirahaté Panjenengané isih ana, kita kudu waspada* supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing dianggep ora pantes kanggo mlebu.  Kita wis nampa kabar apik kaya wong-wong kuwi, nanging pangandika sing dirungokké kuwi ora mènèhi paédah kanggo wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi ora nduwé iman sing padha karo wong-wong sing ngrungokké.  Kita sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi. Nanging kanggo wong-wong sing ora manut, Gusti Allah tau ngendika, ”Mula Aku nesu lan sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku,’” senajan panggawéné Gusti Allah wis rampung saka wiwitané donya.*  Ing sawijiné ayat, Panjenengané tau ngendika bab dina kapitu: ”Ing dina kapitu, Gusti Allah istirahat saka kabèh panggawéné.”  Panjenengané ngendika manèh: ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.”  Wong-wong sing luwih dhisik nampa kabar apik kuwi ora mlebu ing dina istirahat kuwi merga ora manut. Nanging, isih ana wong-wong sing isa mlebu mrono.  Mula, sakwisé wektu sing suwé banget, Gusti Allah ngendika ing masmur Daud, kaya sing sakdurungé disebutké ing surat iki, yaiku, ”Dina iki, nèk kowé ngrungokké swara-Ku, aja dadi atos atimu.” Mula sepisan manèh, Panjenengané netepké dina liya sing disebut ”Dina iki”.  Saumpama Yosua wis nggawa wong-wong kuwi menyang panggonan kanggo istirahat, Gusti Allah ora mungkin ngendika bab dina liyané manèh.  Dadi kanggo umaté Gusti Allah, isih ana dina istirahat sing kaya dina sabat. 10  Wong sing wis mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah uga wis istirahat saka panggawéné dhéwé, padha kaya Gusti Allah sing istirahat saka panggawéné. 11  Mula ayo kita padha ngupaya tenanan kanggo mlebu ing dina istirahat kuwi, supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing mèlu-mèlu ora manut. 12  Merga, pangandikané Gusti Allah kuwi urip lan kuwasané gedhé banget, luwih landhep ketimbang pedhang sing landhep kiwa-tengen, sarta isa nujeb nganti misahké jiwa* lan roh,* uga balung lan sungsum, lan isa nduduhké perkara-perkara sing kita pikirké lan nduduhké pepénginan ing ati kita. 13  Lan ora ana ciptaan sing ora kétok ing ngarsané Gusti Allah, nanging kabèh perkara kuwi kebukak lan kétok cetha ing ngarsané Panjenengané. Ya marang Panjenengané kuwi kita kudu mènèhi tanggung jawab. 14  Mula, merga kita nduwé imam agung sing mulya sing wis mlebu ing swarga, yaiku Yésus Putrané Gusti Allah, ayo kita padha terus ngakoni dhèwèké ing ngarepé wong akèh. 15  Sebab imam agung kita kuwi dudu imam agung sing ora isa ngerti kelemahané kita. Sewaliké, dhèwèké wis diuji ing kabèh perkara kaya kita, nanging tetep ora dosa. 16  Mula, ayo kita padha nyedhaki tahtané Gusti Allah sing nduduhké welas asih sing nggumunké,* lan nganggo kebébasan kanggo ngomong, kita ndonga marang Gusti Allah, supaya liwat welas asih lan welas asihé sing nggumunké,* Gusti Allah isa mbantu kita ing wektu sing pas.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wedi”.
Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.