Langsung mlebu

Yésus Kuwi Kaya Apa?

Jawaban ing Alkitab

Ora ana sing ngerti persisé Yésus kaya apa, soalé kuwi ora dijelaské ing Alkitab. Dadi, sakjané kuwi ora terlalu penting. Tapi, ing Alkitab ya ana keterangan soal kuwi.

  • Rupané: Yésus kuwi wong Yahudi, lan mungkin dhèwèké ya mirip karo ibuné. (Ibrani 7:​14) Yésus ya kaya wong-wong Yahudi liyané. Buktiné, pas dhèwèké meneng-meneng lunga saka Galiléa ing Yérusalèm, ora ana sing ngerti nèk kuwi Yésus. (Yohanes 7:​10, 11) Dhèwèké ya ora béda adoh karo murid-muridé. Mulané pas Yésus arep ditangkep, Yudas Iskariot kudu ngandhani dhisik Yésus kuwi sing endi.​—Matius 26:47-​49.

  • Rambuté: Ora mungkin nèk Yésus rambuté dawa, soalé menurut Alkitab ’nèk wong lanang rambuté dawa kuwi bakal ngrendhahké dhèwèké dhéwé’.​—1 Korintus 11:14.

  • Jénggoté: Yésus nduwé jénggot, soalé menurut hukumé Yahudi wong lanang ora éntuk ’nyukur ujung-ujung jénggoté’. (Kaimaman 19:27; Galatia 4:4) Malah, ing ramalan soal Yésus sing lagi disiksa ya disebutké soal jénggoté Yésus.​—Yésaya 50:6.

  • Awaké: Yésus awaké kuwat. Dhèwèké kuwat mlaku adoh wektu nginjil. (Matius 9:​35) Yésus ping loro ngusir wong-wong sing dodolan ing bait. Dhèwèké ya nggawa metu kéwan sing diedol ing kono nganggo pecut lan njungkirké méjané tukang ngijoli dhuwit. (Lukas 19:45, 46; Yohanes 2:​14, 15) Menurut McClintock and Strong’s Cyclopedia, ”Saka keterangan ing Injil isa disimpulké nèk Yésus kuwi séhat lan kuwat.”​—Jilid IV, halaman 884.

  • Wajahé: Yésus ramah lan apikan. Kuwi kétok saka wajahé. (Matius 11:28, 29) Wong-wong ora wedi, terus ya ora sungkan njaluk tulung karo Yésus. (Lukas 5:​12, 13; 7:​37, 38) Bocah-bocah ya seneng cedhak karo Yésus.​—Matius 19:13-​15; Markus 9:​35-​37.

Pendapat soal Yésus

Sing salah: Ana sing ngomong nèk Yésus mesthi wong Afrika, soalé ing buku Wahyu ana keterangan nèk rambuté kaya wulu wedhus gèmbèl, terus sikilé kaya ”tembaga sing mengangah”.​—Wahyu 1:​14, 15, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Sing bener: Buku Wahyu isiné ”lambang-lambang”. (Wahyu 1:1) Gambaran soal rambut karo sikilé Yésus kuwi kanggo njelaské sifat-sifaté Yésus sakwisé diuripké manèh, dudu njelaské penampilané Yésus pas ing bumi. Mémang, ing Wahyu 1:​14 disebutké nèk sirah karo rambuté Yésus ”putih kaya wulu wedhus gèmbèl”, tapi ayat kuwi sakjané lagi njelaské wernané, dudu bentuké. Kuwi nggambarké nèk Yésus wicaksana.​—Wahyu 3:​14.

Sikilé Yésus mengkilap kaya ”tembaga murni sing dipanaské ing tungku”. (Wahyu 1:​15) Terus, wajahé ”padhang banget kaya matahari sing bersinar”. (Wahyu 1:​16) Ora ana bangsa sing werna kulité kaya ngono. Dadi, iki mesthi mung lambang. Kuwi nggambarké Yésus sing wis diuripké manèh. Dhèwèké ”ana ing panggonan sing padhang banget sing ora isa dicedhaki karo sapa waé”.​—1 Timotius 6:​16.

Sing salah: Yésus kétok ora séhat lan kétok ora semangat.

Sing bener: Yésus gagah lan kendel. Contoné, pas arep ditangkep, dhèwèké wani ngaku nèk dhèwèké kuwi Yésus. (Yohanes 18:​4-8) Yésus ya mesthi kuwat, soalé gawéané tukang kayu sing alat-alaté mbiyèn durung canggih.​—Markus 6:3.

Lha terus nèk mémang dhèwèké kuwat, ngapa kok Yésus ndadak dibantu ngangkat cagak hukumané? Terus, ngapa kok Yésus mati luwih dhisik timbang wong loro sing dihukum bareng karo dhèwèké? (Lukas 23:26; Yohanes 19:31-​33) Sakdurungé dihukum mati, awaké Yésus wis babak belur. Bengi sakdurungé kuwi, dhèwèké ya ora isa turu merga susah banget. (Lukas 22:42-​44) Bengi kuwi dhèwèké disiksa wong Yahudi, terus ésuké disiksa wong Roma. (Matius 26:67, 68; Yohanes 19:​1-3) Mungkin kuwi sebabé Yésus matiné luwih cepet.

Sing salah: Yésus ora ceria.

Sing bener: Yésus kuwi kaya Yéhuwah, ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Timotius 1:​11; Yohanes 14:9) Malah, Yésus ya ngajari piyé bèn wong isa bahagia. (Matius 5:​3-9; Lukas 11:28) Kuwi kabèh mbuktèkké nèk Yésus wongé ceria.