Apa sing Bakal Kelakon Wektu Kerajaané Gusti Allah Mréntah?
Jawaban ing Alkitab
Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah sing bakal mréntah bumi. (Danièl 2:44; Wahyu 16:14) Pas mréntah, Kerajaané Gusti Allah bakal . . .
Nyingkirké wong jahat. ”Wong jahat bakal disingkirké saka bumi.”—Wulang Bebasan 2:22.
Ngendhegké perang. ”[Gusti Allah] ngendhegké perang ing bumi.”—Mazmur 46:9.
Nggawé keadaan ing bumi aman, lan nggawé kabèh wong makmur. ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi.”—Mikha 4:4.
Nggawé bumi dadi firdaus. ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”—Yésaya 35:1.
Nggawé wong-wong bahagia lan nduwé gawéan sing nyenengké. ”Wong-wong sing Tak pilih bakal ngrasa puas merga hasil kerja kerasé. Kerja kerasé mesthi bakal ana hasilé.”—Yésaya 65:21-23.
Nyingkirké penyakit. ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”—Yésaya 33:24.
Nggawé kabèh wong dadi enom manèh. ”Muga-muga awaké dadi luwih séhat timbang wektu isih enom. Muga-muga dhèwèké dadi kuwat manèh kaya pas dhèwèké isih enom.”—Ayub 33:25.
Nguripké manèh wong sing wis mati. ”Kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal krungu swarané [Yésus] lan metu.”—Yohanes 5:28, 29.