PITAKONANÉ CAH ENOM
Piyé Carané Bèn Ora Nduwé Pikiran Négatif?
Kowé kuwi wong sing kaya apa?
Optimis
”Aku ngupaya bèn tetep santai, kerep senyum, lan bahagia.”—Valerie.
Pèsimis
”Wektu ngalami sing apik, aku langsung mikir nèk kuwi ora mungkin utawa mesthi ana sing salah.”—Rebecca.
Masuk akal
”Nèk aku dadi wong sing optimis, aku bakal gela wektu kenyataané ora cocog karo kepénginanku. Nèk aku dadi wong sing pèsimis, aku ora bakal isa bahagia. Mula, aku luwih seneng dadi wong sing masuk akal waé.”—Anna.
Ngapa kok ora éntuk nduwé pikiran négatif?
Ing Alkitab disebutké nèk ”kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké”. (Wulang Bebasan 15:15) Wong sing nduwé pikiran positif biasané luwih bahagia lan nduwé akèh kanca. Mesthiné ora ana sing gelem cedhak-cedhak karo wong sing terus-terusan sedhih lan nduwé pikiran négatif, ta?
Tapi, wong sing terus nduwé pikiran positif ya tetep ngadhepi masalah. Contoné:
Kowé mungkin kerep krungu berita soal perang, térorisme, utawa kejahatan.
Kowé mungkin nduwé masalah keluarga.
Kowé mesthi nduwé kelemahan lan nggawé salah.
Mungkin ana kanca sing nggawé kowé lara ati.
Daripada terus mikirké masalah-masalah kuwi utawa bahkan ora perduli karo masalahé, luwih apik nèk kowé nduwé pandhangan sing masuk akal soal masalah-masalah kuwi. Hasilé, kowé ora terus-terusan nduwé pikiran négatif lan isa nampa kenyataan.
Kowé mesthi isa ngadhepi masalahmu sing kaya badai lan percaya nèk kuwi bakal ana solusiné
Sing isa mbok upayakké
Nduwé pandhangan sing masuk akal soal kesalahanmu.
Ing Alkitab disebutké, ”Ora ana wong bener ing bumi sing tumindaké terus apik lan ora nggawé dosa.” (Pengkhotbah 7:20) Manungsa mesthi tau nggawé salah. Kuwi wajar lan ora berarti kowé ora tau nglakoni sing bener.
Carané: Ngupayaa dadi wong sing luwih apik, tapi élinga nèk kowé ora sempurna. Cah lanang sing jenengé Caleb ngomong, ”Aku ngupaya ora terus-terusan mikirké kesalahanku. Tapi, aku sinau saka kesalahanku bèn isa dadi wong sing luwih apik.”
Aja mbandhing-bandhingké.
Ing Alkitab disebutké, ”Aja nganti awaké dhéwé sombong, saingan, utawa iri karo liyané.” (Galatia 5:26) Kowé mungkin ndelok foto-foto ing média sosialé kanca-kancamu. Terus kowé ngerti nèk kowé ora diundang ing acarané kancamu, kowé isa waé dadi nesu lan kecéwa. Kowé isa ngrasa nèk kanca-kancamu ora seneng karo kowé.
Carané: Aja terus-terusan sedhih nèk ora dijak kumpul-kumpul karo kancamu. Biasané sing dipajang ing média sosial kuwi mung sing apik-apik thok. Cah enom sing jenengé Alexis ngomong, ”Ing média sosial, biasané wong mung mamèrké kegiatan-kegiatan sing paling nyenengké kanggo dhèwèké. Nèk sing biasa-biasa waé ora bakal dipamèrké.”
Ngupaya tetep rukun, khususé karo keluarga.
Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong.” (Roma 12:18) Kowé ora isa ngatur wong liya kudu piyé, tapi kowé isa mikirké réaksimu. Dadi pas ana masalah, kowé isa ngupaya tetep rukun.
Carané: Aja nggawé masalah ing keluargamu dadi tambah parah. Kowé kudu seneng rukun karo keluargamu kaya karo kanca-kancamu. Cah enom sing jenengé Melinda ngomong, ”Ora ana wong sing sempurna. Mbuh saiki apa sukmbèn, awaké dhéwé mesthi bakal nglarani atiné wong liya. Awaké dhéwé isa milih kanggo nanggepi nganggo cara sing apik utawa ora.”
Bersyukur.
Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu terus ngucap syukur.” (Kolose 3:15) Nèk bersyukur, kowé bakal luwih nggatèkké apa sing apik timbang apa sing èlèk.
Carané: Pikirna masalahmu. Tapi, kowé ya kudu mikirké apa sing isa disyukuri. Cah enom sing jenengé Rebecca ngomong, ”Saben dina, aku nulis apa sing isa tak syukuri, siji waé. Aku dadi isa terus kèlingan nèk sakjané ana akèh sing apik sing isa tak pikirké.”
Miliha kanca sing apik.
Ing Alkitab disebutké, ”Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:33) Nèk bergaul karo wong-wong sing pikiran lan omongané négatif terus, awaké dhéwé ya bakal kena pengaruhé.
Carané: Wektu ngalami masalah, kanca-kancamu isa dadi nduwé pikiran négatif. Kowé isa mbantu kanca-kancamu kuwi. Tapi, aja nganti kowé mèlu-mèlu nduwé pikiran négatif. Cah enom sing jenengé Michelle ngomong, ”Awaké dhéwé kuduné ora mung bergaul karo wong sing pikirané négatif. Kuwi kaya rumus matematika. Nèk négatif ditambah négatif, hasilé bakal tambah négatif.”
Keterangan luwih akèh
Menurut Alkitab, awaké dhéwé urip ing jaman sing ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1) Apa kowé angèl nduwé pikiran sing positif wektu ndelok wong-wong susah? Wacanen artikel ”Apa Kesusahan Bakal Ana Entèké?”