Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?

Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?

 Sing isa mbok pikirké

  •   Kabèh wong mesthi tau nggawé salah. Merga ora sempurna, kanca utawa wong sing mbok anggep sahabat mesthi tau nggawé salah lan nggawé kowé lara ati. Kowé dhéwé ya ora sempurna. Kowé mesthi ya tau nggawé salah lan nggawé wong liya lara ati ta?​—Yakobus 3:2.

  •   Saka sing didelok ing Internèt, isa nggawé lara ati. Misalé, cah enom sing jenengé David ngomong, ”Pas internètan terus ndelok postingané kanca-kancamu lagi kumpul-kumpul, kowé mungkin mikir, ’Kok aku ra dijak ya?’ Terus, kowé dadi ngrasa kecéwa lan sedhih.”

  •   Kowé isa berupaya ngrampungké masalahé.

 Saran-saran sing isa mbok coba

 Pikirna kowé kuwi wong sing kaya apa. Ing Alkitab disebutké, ”Aja gampang tersinggung, merga kuwi tandha wong bodho.”​—Pengkhotbah 7:9, cathetan ngisor.

 ”Kadhang kowé gèk sadhar nèk jebulé masalahé kuwi mung sepélé.”​—Alyssa.

 Pikirna: Apa aku wongé gampang tersinggung? Apa aku isa luwih sabar karo wong liya?​—Pengkhotbah 7:​21, 22.

 Gelem ngapura. Ing Alkitab disebutké, ”[Wong] bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.”​—Wulang Bebasan 19:11.

 ”Meskipun jèngkèl, luwih apik nèk kowé tulus ngapura. Kuwi berarti ora ngungkit-ungkit salahé wong liya bèn dhèwèké ora terus ngrasa bersalah. Nèk wis ngapura aja diéling-éling salahé.”​—Mallory.

 Pikirna: Apa masalahé mémang serius banget? Apa aku gelem ngapura bèn isa tetep rukun?​—Kolose 3:​13.

Kerep ngungkit-ungkit masalah kuwi kaya mbukak lawang pas ana badai salju

 Pikirna perasaané wong liya. Ing Alkitab disebutké, ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:4.

 ”Merga sayang lan menghargai sahabatmu, nèk ana masalah kowé bakal cepet-cepet ngrampungké masalahé. Kowé berupaya tenanan bèn isa tetep rukun.”​—Nicole.

 Pikirna: Apa aku isa memahami perasaané lan ngapa kok dhèwèké kaya ngono?​—Filipi 2:3.

 Intiné: Nèk saiki kowé isa ngatasi perasaan lara ati, kuwi isa berguna pas kowé déwasa. Apa kowé péngin ngupayakké kuwi saiki?