Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Yohanes 3:16​—”Gusti Allah Anggoné Ngasihi marang Jagad Iku”

Yohanes 3:16​—”Gusti Allah Anggoné Ngasihi marang Jagad Iku”

 ”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé.”​—Yohanes 3:16, Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar.

 ”Awitdéné Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng.”​—Yokanan 3:16, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Yohanes 3:16

 Gusti Allah sayang lan péngin awaké dhéwé urip saklawasé. Kuwi sebabé Dhèwèké ngutus Putrané, Yésus Kristus ing bumi. Ana akèh sing wis Yésus tindakké ing bumi. Yésus mulang para pengikuté soal Gusti Allah. (1 Pétrus 1:3) Yésus ya ngorbanké uripé kanggo manungsa. Dadi, bèn isa éntuk urip saklawasé, awaké dhéwé kudu nduwé iman marang Yésus.

 Awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah sayang banget karo awaké dhéwé saka kata-kata, ’Gusti Allah maringké Putra siji-sijiné.’ a Yésus kuwi Putrané Gusti Allah sing istiméwa merga mung Yésus sing diciptakké langsung karo Gusti Allah. (Kolose 1:17) Yésus kuwi ”ciptaan sing kapisan”. (Kolose 1:15) Liwat Yésus, kabèh ciptaan, termasuk para malaékat, digawé. Senajan ngono, Yéhuwah b gelem ngutus Putra sing Dhèwèké sayangi ”kanggo ngladèni lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. (Matius 20:28) Yésus sengsara lan mati bèn awaké dhéwé isa bébas saka dosa lan kematian sing diwariské saka Adam, manungsa sing pertama.​—Roma 5:8, 12.

 Nduwé iman marang Yésus kuwi ora mung berarti awaké dhéwé percaya lan ngerti apa waé sing wis Yésus tindakké. Ning, awaké dhéwé ya kudu manut lan niru Yésus. (Matius 7:24-27; 1 Pétrus 2:21) Alkitab kandha, ”Wong sing nduduhké iman marang Putra bakal nampa urip saklawasé. Wong sing ora manut marang Putra ora bakal nampa urip.”​—Yohanes 3:36.

Latar Belakangé Yohanes 3:16

 Yésus nyebutké kata-kata ing ayat kuwi wektu lagi omong-omongan karo pemimpin agama Yahudi sing jenengé Nikodémus. (Yohanes 3:1, 2) Wektu kuwi, Yésus njelaské soal Kratoné Gusti Allah c lan ”dilairké manèh”. (Yohanes 3:3) Dhèwèké ya nyritakké piyé dhèwèké bakal mati. Yésus kandha, ”Putrané manungsa kudu diangkat [dihukum mati ing tiang], supaya saben wong sing percaya marang dhèwèké isa éntuk urip saklawasé.” (Yohanes 3:14, 15) Yésus ya njelaské nèk awaké dhéwé isa urip merga Gusti Allah sayang banget karo manungsa. Intiné, Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu nduwé iman lan manut préntahé Gusti Allah bèn isa éntuk urip saklawasé.​—Yohanes 3:17-21.

a Kata ”siji-sijiné” ing ayat iki diterjemahké saka kata Yunani monogenes, sing artiné ”siji-sijiné saka jenisé, . . . ora ana tunggalé lan istiméwa”.​—A Greek-English Lexicon of the New Testament and Other Early Christian Literature, hlm. 658.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.​—Jabur 83:19.

c Kratoné Gusti Allah, sing ya disebut ”Kraton swarga”, kuwi pamréntahan sing ana ing swarga. (Matius 10:7; Wahyu 11:15) Gusti Allah milih Yésus dadi Raja ing Kratoné. Liwat Kratoné, Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi anyar. (Dhanièl 2:44; Matius 6:10) Kanggo katrangan luwih akèh, deloken artikel ”Apa Kerajaan Allah Itu?