PENJELASAN AYAT ALKITAB
Yérémia 29:11, ”Ingsun Iki Nguningani RancanganingSun tumrap Sira”
”Yéhuwah a kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.’”—Yérémia 29:11, Terjemahan Donya Anyar.
”Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing bésuké,—mangkono pangandikané Sang Yéhuwah—.”—Yérémia 29:11, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.
Artiné Yérémia 29:11
Iki janjiné Gusti Allah Yéhuwah nèk umaté bakal ngrasakké urip sing damai. Meskipun janji kuwi ditulis kanggo umaté jaman mbiyèn, kuwi isih berlaku nganti saiki. Yéhuwah kuwi ’Gusti Allah sing mènèhi harapan’. (Roma 15:13) Makané, Dhèwèké ngongkon janji-janjiné ditulis ing Alkitab bèn ”awaké dhéwé nduwé harapan”.—Roma 15:4.
Latar Belakangé Yérémia 29:11
Yérémia 29:11 kuwi sakjané kata-kata sing ana ing surat sing ditulis kanggo wong Israèl sing ditawan ing Babilon. b (Yérémia 29:1) Gusti Allah ngandhani nèk meréka bakal suwé ditawan ing kana. Meréka ya dikon mbangun omah, nggawé kebon, lan nduwé keluarga. (Yérémia 29:4-9) Tapi Gusti Allah ya ngomong, ”Sakwisé kowé ana ing Babilon 70 taun, kowé bakal Tak gatèkké manèh, lan Aku bakal nepati janji-Ku kanggo nggawa kowé bali [ing Yérusalèm].” (Yérémia 29:10) Gusti Allah njamin nèk meréka ora bakal dilalèkké lan nèk harapané meréka kanggo bali ing negara asalé, yaiku Yérusalèm, mesthi bakal dadi kenyataan.—Yérémia 31:16, 17.
Janji kuwi bener-bener ditepati. Kaya sing wis diramalké, Babilon dikalahké Raja Korès saka Pèrsia. (Yésaya 45:1, 2; Yérémia 51:30-32) Bar kuwi, Korès ngijinké wong Yahudi bali ing Yérusalèm. Akhiré, meréka bali ing Yérusalèm sakwisé 70 taun ditawan ing Babilon.—2 Babad 36:20-23; Ézra 3:1.
Merga janji ing Yérémia 29:11 bener-bener ditepati Gusti Allah, umaté Gusti Allah jaman saiki ya isa yakin nèk janjiné Yéhuwah sing liyané ya mesthi bakal ditepati. Termasuk janji nèk bumi bakal dadi damai wektu dipréntah Yésus Kristus sing dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah.—Mazmur 37:10, 11, 29; Yésaya 55:11; Matius 6:10.
Pendapat soal Yérémia 29:11
Sing salah: Gusti Allah wis nduwé ’rancangan’ utawa rencana kanggo saben wong.
Sing bener: Gusti Allah ora meksa. Saben wong bébas milih arep berbuat apa. Kata-kata ing Yérémia 29:11 kuwi kanggo kabèh wong Israèl ing Babilon secara kelompok. Karepé Gusti Allah kuwi bèn meréka ngrasakké urip sing damai. (Yérémia 29:4) Tapi meréka bakal ngrasakké kuwi apa ora, bergantung pilihané meréka dhéwé. (Pangandharing Torèt 30:19, 20; Yérémia 29:32) Mung wong-wong sing ndonga saktulusé ati lan bener-bener nggolèk tuntunané Gusti Allah sing bakal ngrasakké kuwi.—Yérémia 29:12, 13.
Wacanen Yérémia bab 29, cathetan ngisoré, lan réferènsi silangé.
a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.
b Soal Yérémia 29:11, buku The Expositor’s Bible Commentary Jilid 7, halaman 360 nyebutké, ”Iki salah siji janji sing paling luar biasa ing Alkitab sing nduduhké rasa mesakkéné Yahwèh [Yéhuwah] kanggo wong-wong sing ditawan kuwi. Merga janji kuwi, meréka dadi ora putus asa lan isa terus nduwé harapan.”

